Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/111

Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 9

I. WACANEN BATIN

LAMBANG NEGARA

Saben negara nduweni lambang dhewe-dhewe.​Semono uga negara Republik Indonesia, dene lambange awujud pepethaning manuk Garudha mawa tulisan "BHINNEKA TUNGGAL IKA".

Wewujudan mau dipek surasane utawa maknane. Manuk Garudha mono kaya-kaya dadi tetungguling golonganing manuk, kang nduweni sipat ora wedi marang baya pakewuh apa bae, "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung".

Menawa golek pangan utawa darbe sedya,sanajan katempuh ing prahara utawa mrangguli alangan gedhe pisan ora bakal mundur, ora arep bali, lan ora nedya murungake kekarepane, apa maneh ora wedi marang sindhung riwut.

Mula wis pantes lan wis mungguh menawa manuk Garudha iku dadi lambanging negara RI, lire bangsa kita iku senadyan mrangguli bebaya dikaya ngapa bae, ora samar, ora wegah rekasa nanggulangi utawa nyirnakake. Malah dilabuhi toh pati, beteke olehe nggegegi, ngrungkebi kamardikan.

Dene unen-unen "Bhinneka Tunggal Ika" iku maknane mengkene :

Tembung Bhinneka iku nduweni teges "ora mung siji". Tunggal iku ateges: manunggal dadi siji. Dadi tetembungan mau nduweni makna, senajan bangsa Indonesia iku dumadi kumpuling suku maneka warna, istingarah bisa manunggal.

109