Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi
sirah ​: isi erah (getih)
tandur​ ​: ditata karo mundur
bathuk ​: ngembat barang kang mathuk
kathok ​: olehe nganggo baka sithok
sepatu ​: nek wis ndlesep ora bisa metu
wanita ​: kudu wani mranata (bale omah)
bocah ​: isih crobo ora kecacah


VII. MACA TITI

A. WACANEN
CINDHE LARAS III

Ana tengahing gegrumbulan bocah iku mrucut, tumiba ing watu gilang.

"Prog, ...pyur," mankono suwarane.

Salungane raksasa Dewi Limaran sumaput, kekitrang ngalor ngidul, cincing-cincing sumedya nututi anake. Luwih-luwih bareng krungu suwara "prog .. pyur" atine wis entek, njerit.....,sumaput maneh, nganti suwe ora eling. Pangirane menawa bayine mesthi mati dibanting dening raksesa.

"Hik, hik," mengkono suwarane bayi. "Hakh, hakh, hakh ...." "Hi, hik. Hik, hik."

Ibune gregah ngrungokake suwara kang warna-warna iku, kok beda-beda, lan anggraita, hakh .... genah suwarane buta, hik ..... cetha suwarane bayi.

Ing semu ngungun banget. Apa maneh bareng suwarane bocahe saya suwe saya gedhe, katon ngagor-agori. Saya suwe suwarane prag - prog, gereng-gereng, ditimbangi ngakak-akak, ndadekake entek ing atine Dewi Limaran.

67