Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/39

Kaca iki wis dikorèksi


dhil, metraleur, mriyen sapiturute."
Sudadi : "Met, kelingan dhek nggrebeg Kenpeitai biyen ya. Senajan cenunukan ora wedi pucuk bayonet, pucuk bedhil, anane mung wani thok. Nggrebeg satobate Kenpeitai."
Slamet : "Ya kuwi ora kok jeneng umuk, awake dhewe ki rak kadunungan sipat semnagat temenan

Wah nek kelingan prastawane Bung Arifin, nggugua kancane, ora bakal ndhisiki dadi kurban.
Lha ya wis muga-muga kari ngrasakake kabungahan ana ngarsane Pangeran."


II. LAGU UAKRA (1.3.)

WACANEN KANG BECIK

Nglairake rasa gumun.

  1. Adhuh, pintere bocah iki !
  2. Biyuh, biyuh larange!
  3. E, e,e, titis tenna pembatange!
  4. Tobat, ndablege bocah kuwi!
  5. Walah, tumane ngembel sagajah-gajah!
  6. Wah, pancen wis ora kena digawe becik!
  7. E, ya talah, ngono bae meksa ora kebeneran!
  8. Masa bocah semono gedhene isih ngompol!
  9. Astaga, ndhugale boca kuwi!
  10. Masalah, kok akeh temen sing dadi kurban!

III.A. TEMBUNG DWIWASANA (1.5.1.)

Tembung dwiwasana iku wujude saka tembung lingga karangkep wandane wekasan

Tuladha: Senajan cenunukan, ora wedi pucuking bayonet, pucuking bedhil, anane mung wani thok.

38