Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 10

I. A. MACANEN/TEMBANGNA

DHANDANGGULA

1. Luwih lara laraning kang ati,
nora kaya wong tininggal arta,
kang wus ilang piandale,
lipure mung yen turu,
lamun tangi sungkawa malih,
yaiku ukumira,
wong nglirwakken tuduh,
angilangken budidaya,
temah papa asor denira dumadi,
tan amor lan sesama.

2. Peputone denira dumadi,
ngugemana mring catur upaya,
mrih tan bingung pangesthine,
kang dhingin wekasingsun,
anirua marang kang becik,
kapindho anuruta,
mring kang bener iku,
ping tri nggugua kang nyata,
kaping pate miliha ingkang pakolih,
dadi kanthining gesang.

(turunan)

B. PITAKONAN

  1. Laraning ati kang nggares iku kang endi?
  2. Marine lelara iku mau kepriye?
  3. Sebabe apa kok nganti kechandak lelara iku?
  4. Temahane kepriye wong kang nglirwakake pituduh iku?
  5. Pungkasane rembug wong urip mono kudu ngugemi apa?
  6. Aranana upayane mau!

95