Kaca:Buku Meditasi.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi
delandene aku kudu nandang sangsara setitik ? Bingung, amarga susahku iku kleru banget. Aku bandjur kurang ndjagakake Gusti, kang bandjur ora bisa nglipur aku.


REBO-AWU.

Elinga manungsa jen kowe iku lebu, lan bakal dadi lebu maneh.

 Dina iki wiwitane mangsa Pasa. Wektu kanggo ngurbanake awake dewe kundjuk Gusti. Wektu kanggo ngeling-eling menawa aku iki manungsa, titah Dalem; menawa badanku bakal dadi lebu maneh. Wektu kanggo ngudi andap-asor, serana ngeling-eling lan nglimbang-limbang bab Sangsara Dalem Sri Jesus. Wektu kanggo mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus serana ngurbanake awakku dewe, j.i. luwih sregep sembahjang, kerep nampa Salira Dalem, ngendaleni hawa nepsu, ora nonton film, ngendaleni kesenengan djadjan 1.1.1. Pasane warga. Konggregasi pantes dianggo kurban.


KEMIS BAKDA REBO-AWU

No. 269. Judas tjidra

 Judas wis nderek Sri Jesus telung taun suwene. Judas ditimbali Sri Jesus, Judas ditresnani Gusti. Ewasemono, saiki wis nijat lan ngudi ngulungake Sang Kristus ing tangane para Parisi.
 Iku djenenge njidrani Gusti Jesus. Dosa gede. Iku wiwitane sangsara Dalem Sri Jesus-ditjidrani dening mitra Dalem. Sanadjan sangsaraning Salira Dalem bakal akeh lan gede banget, ewasemono sangsaraning Sukma lan Tyas Dalem luwih gede maneh j.i. ditjidrani mitrane dewe. Aku uga mitra Dalem!

51