Kaca:Buku Meditasi.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

karsa nebus, serana Sangsara lan Seda Dalem, amarga dosane manungsa njepelekake Gusti Allah. Seda Dalem Sri Jesus ngluhurake Gusti Allah, amarga Gusti karsa nandang iku kabeh metu saka Tyas Dalem kang karsa mbangun miturut.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD PUTIH.

'No. 352 (teruse).

Weruha Gusti Jesus dahar karo murid loro iku. Raket banget. Mripate bandjur binuka, Amarga murid iku bandjur mari pangling — wis ngerti menawa sing dahar ana ing omahe iku Sri Jesus Pribadi — weruh dewe menawa Sri Jesus sugeng, wungu, wis ora sangsara maneh. Bungah banget, murid² iku — lan iku tjukup kagem Gusti — mulane: musna saka pandelenge. Adja lali maneh marang tjara Dalem Gusti enggone nglipur. Murub atine, terus menjat — arep njritakake anggone pada ngonangi Gusti nalika njuwil roti. Nanging iki uga ora diandel — Murid lijane durung gelem ngandel, Aku uga sok kudu luwih sabar banget, jen dong kepengin nerangake ma- rang wong lija menawa Gusti Jesus ana, sugeng, wungu, lan tresna.

SAPTU BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 353, Gusti ngatingali para Rasul sing lagi ngumpul.

,,.........dumadakan Gusti djumeneng ana ing tengah²-e". Gusti tansah karsa nerangake, mbuktekake, njatakake, menawa Gusti sugeng, wungu tenan, ora bakal seda maneh. Gusti sawektu² bisa rawuh menjang ngendi-endi, bisa nglipur nentremake, maringake sih, Weruha para murid lan rasul, kang ngandel, kang isih bebantahan karo murid loro iku kang wis ngandel

— lan dumadakan: Gusti Jesus ana! Gusti ngandika: ,,Dipada tentrem! Aku Gustimu! Adja pada wedi!" Gusti Jesus, kawula pitados! Kawula njuwun, supados sampejan Dalem

75