Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/102

Kaca iki wis divalidasi

“Kang, yen bisa aku arep adeg warung sega pecel ing ngarep omah. Yen kang Gendra ngidini, arep dak jenengi ‘Warung Penthul’.”

Krungu pangucape Mitun, Gendra ngambakake mripate.

“Aja ngenyek jero-jero ta Tun,” kandhane.

“Ora kang, Iki temenan. Pranyata tak rasa-rasa Penthulmu kuwi bisa ngrejekeni,”kandhane karo mesem.

Gendra ngguyu kemekelen sajak tanggap. Wengi saya nggremet ngubur lelakon sedhih. Esuke srengengene sumunar kekencaran.

Sukogolek, Mei 2000
Jaya Baya, No. 43, Minggu Pahing, 25 Juni 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

89