Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi

Lagi wae awakku dakbrukake ing amben, aku gumregah tangi maneh. Daksawang sakiwa tenegnku, aku nembe sadhar yen adhiku si Parjo ora ana ngomah. Atiku malih was sumelang. Mengko gek melu kancakancane mincing ing kali gedhe. kedadeyan bocah mati klelep kuwi wis asring dakrungu…

Karo isih mbayangake sing ora-ora, aku mlaku setengah mlayu nggoleki Parja. Ndhilalah pas menggok tikungan meh wae aku nabrak Dhe Sih, tanggaku sing gethinge kepati-pati marang emakku. Durung nganti aku njaluk ngapura, Dhe Sih wis nrocos guneme, “Bocah wadon kok polahe gedandapan! Mbok ya sing alus sithik apa ora isa?!”

Ngapuntene Dhe…kula kesesa ajeng madosi Parja,” sumaurku groyok. Karepku mono arep enggal-enggal nglungani. Nanging durung nganti aku jumangkah, Dhe Sih nerusake omongane.

“Mulane ta….. Mbokmu ki kon ning ngomah wae ngopeni anake. Bocah isih cilik kok pijer ditinggal terus nganti ora krumatan. Kon mareni olehe edan lanangan! Wong wis tuwa kok ora ngerti tuwane!”

Sepira wirangku ora bisa dakgambarake maneh. Arep dakbantah kepriye anggonku mbantah? Kasunyatane tumindake Emakku pancen ora bener. Bisaku mung tumungkul, ora wani nyawang praupane Dhe Sih. Sinambi jumangkah ninggalake aku, dheweke kober grenengan ngalaala Emakku. Aku wis ora ngrewes maneh, gegancangan nerusake laku.

Tangis sing maune dakempet dumadakan ambrol rikala aku ngedusi parjo. Atiku dadi kelara-lara ngrasakake adhiku kang ora dikarepake kelairane iku. Wujude dadi bocah abnormal. daksawang mundhak dina awake ora mundhak lemu, nanging malah tansaya kuru. Bocah cilik igaigane kok nganti ketok nganti kaya gambangan. Wiwit lair precet nganti tumekane saiki ora tau oleh sih katresnane wong tuwaku sakloron. Sadine aku minangka sesulihe bapa-biyunge jalaran Bapak lan Emak padha mburu kasenengane dhewe-dhewe.

“Hiii…isin Mbak Parti nangis! Wis gedhe jare isih nangis…” cluluke Parjo njur disusul guyune sing nyekikik ora meneng-meneng. Aku srikutan ngelapi eluhku.

“Mulane ta….kowe ki aja nakal, sing manut karo Mbak Ti! Yen dolan cedhak-cedhak kene wae, aja adoh-adoh pituturku karo ngelus-elus rambute Parjo. Parjone mung manthuk karo isih ngguya-ngguyu. Senadyan atiku nggrantes nyawang kahane Parja sing methBocah iku disekolahake sepprana-seprene panggah pupuk bawang. Aksara wae ora apal apa maneh tulisan, mangsa ngertiya. Aku nganti judheg anggonku nyinaoni.

Dina kuwi aku bali nglenthung ora oleh garapan. Kepriye mengko yen Parjo mothah njaluk jajan? Sedhengwong tuwaku ora tau ninggali dhuwit. Lamunanku dadakan buyar rikala ana sepedha montor mandheg ing ngarep omah. Bareng dakungak, tibake emakku kang nembe mudhun

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

91