Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/106

Kaca iki wis divalidasi

tiyang mriki niku mboten sae. sami serik kalih kula. Pancene lambene dha torah!” mangkono kuwi semaure emakku saben dielekke. Ora tau gelem kalah karo uwong, mburu menange dhewe wae.

Jebul wirangku ora mandheg tekan semene, malah aku krungu kabar saka njaba menawa bapakku katut kedakwa sekuthon karo maling. Ana ngendi anggonku nyelehake awak? Apa perlu aku nganggo topeng? Saumpama kuwi bener, ndadekake sampurnaning kasangsaraning uripku.

Krungu rame-rame neng njaba, aku njranthal niliki. Dak deleng Bu Sosro jumeneng ing tlundhakan lagi duka-duka nutuh emakku. “Sampeyan kuwi merem apa piye ta Yu… Yu… sawangen ta … aku iki sapa… Retno iki sapa! Aku lan sampeyan ki rak wis tepung apik, durung tau tukar padu. Sampeyan ngana ngene aku ora tau melu cawe-cawe, Ngono kuwi ya ndeleng-ndleng dhisik ta. Masak mental karo tanggane dhewe.”

“Sinten sing sanjang?! Njenengan ampun waton ngucap, niku namine fitnah 1” wangsulane emakku santak sinambi mencerengi Bu Sosro. Mbak Retno sing ngadeg cekelan cagak nuli mara nyedhaki emakku, “Lik Yem ra sah mukir, wis akeh seksine! Kebangeten… tega-tegane sampeyan ngrebut Mas Har! sumambunge Mbak Retno ing sela-sela tangise. Saya suwe swasana ora saya lerem, malah tansaya panas. Ajaa Bu Sosro nglaandhang Mbak Retno mulih, padudon antarane emakku lan Mbak Retno mesthi ora bakal mendha. Kanggoku prastawa kaya ngono kuwi sateruse saya kerep kelakon. Sing jenenge wong nglarag emakku gunggunge ora bisa dieting nganggo driji…

Udan riwis-riwis lagi wae mendha, hawane adheme njekut. Wengi kui minangka wengi kang apes tumrape wong tuwaku. Seprana-seprene saben-saben tumindak maksiyat durung tau kejodheran. Aku ora ngira yen dadine kaya ngene, mleset saka petungku. Batinku mono kecekel iwake aja butheg banyune. Malah kedhisikan tekane para nom-noman sing gumrudug ngupeng omahku. Swarane pating braok mbrebegi kuping. Ketambahan tangga teparo sing nduweni pangigit-igit marang wong tuwaku melu-melu mara. Bapakku nyoba ngalang-alangi wong-wong sing meksa nggledhah omah. Aku sing nyawang saka ngisor wit gedhang dadi was sumelang. Kepriye mengko yen wong-wong kuwi padha tumindak sakarepe dhewe? Ngapa Pak Lurah bisa kedhisikan wong-wong kuwi? Kepriye Lik Sarju anggone laporan? Wis dakwanti-anti aja nganti ana tangga teparo sing krungu, malah dadine kaya ngene…

Bapakku rumangsa kuwalahen nyandhet kridhane wong-wong kuwi. Sidane lawang ngarepan kasil dibukak ngeblak. Aku ora mental nyawang emakku dilarak metu, banjur kasusul metune wong lanang papat cacahe. Wong-wong sing nonton padha saur manuk nguman-uman lan misuhi wong tuwaku sakloron. Karepe arep padha main haim dhewe.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

93