Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/107

Kaca iki wis divalidasi

Kaya dilolosi oto bayuku, nyawang emakku sing tumungkul karo nangis ngguguk nahan wirang. Bapakku mbudidaya mbantah sabisa-bisane, nanging ora ana sing ngreken. Kedadeyan iki pancen aku sing luput! Aku wis ora kuwat nyangga sikilku, wusana ndheprok njur nangis mbengor-mbengor. Tujune rombongane Pak Lurah enggal rawuh kanthi diterake Lik sarju. Tangisku rada mendha bareng Pak Lurah bisa ngleremake kahanan. Lik Sarju mrepeki aku nyoba ngarih-arih. “Wis mmenenga ta, Ti. Barang wis kebacut ora usah mbok getuni. Mbok getunana ora ana paedahe. Wis meneng! Kae Lho adhimu nangis keweden. Bocah nggoleki kowe.” Aku mung meneng wae, ora aweh wangsulan.

“Dakgawane mrene piye?” omonge Lik Sarju nari aku. Bisaku mung manthuk ngiyani.

Tuwuh sewu pitakonan jroning atiku. Apa aku klebu anak duraka? Wis mbeber wirange wong tuwane dhewe? Kepriye yen wong tuwaku nganti ngerti menawa kedadeyan iki aku sing ndhalangi? Apa wong tuwaku gelem ngapura aku? Kaamangka sawise kedadeyan iki aku nduweni rancangan candhake. Yen nganti wong tuwaku ora gelem mertobat, aku pawongan sepisanan sing bakal nglaporake wong tuwaku minangka germo peteng marang polisi. Aku ora rila nyawang kaumku sing isih lugu dilorobake didadekake barang dagangan. Semono uga yen aku ngonangi bapakku dadi maling. Nanging kepriye anggonku nerusake sedyaku? Aku ngrasa welas banget marang wong tuwaku kewirangan. Lan aku uga ngrumangsani dadi anak kang murang tata. Senadyan alaa kaya ngapa, kuwi wong twaku. Aku isih nduweni sapletik rasa tresna. Durung bisa aku males budine, malah wis wani cumantaka gawe wisuna. Ana perang ing sajroning atikuantarane rasa keduwung lan njejegake bebener. Aku nangis kelara-lara ora ngerti kudu tumindak apa. Embuh tumindakku bener apa luput ndadekake pitakon kang angel dakjawab.

Jaya Baya, No. 46, Minggu Pon, 16 Juli 2000

94

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010