Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/108

Kaca iki wis divalidasi
NEPTU PITULIKUR
Chol. Sdm

Dina Minggu sepi nyenyet. Udan sawengi muput nganti sakesuk mau tansaya ngrecih. Nganti bakda duhur hawane malah adhem kayakaya arep bengi meneh. Setiyadi lungguh dheleg-dheleg dhewekan ana sacedhake lawang. Atine nglangut saparan-paran. Ajaa I sih nduweni iman marang gustine, mbokmenawa dheweke wis jerit-jerit. Ya gene bapake dipundhut dhisik. Ya gene emake katitah dadi wong mlarat kesrakat, saprana-seprene uripe mung tansah buruh umbah-umbah lan nyetlika mrana mrene. kakange, yune, loro-lorone ora bisa nerusake sekolah. Saking sedhihe ora kuwat nandhang sangsaraning urip banjur padha nekat nggeblas melu transmigrasi menyang Sumatra.

Embuh wis pirang tahun anggone padha pepisahan, nganti saprene durung ana kabare. Dene, dheweke saiki bisa lulus SMU amarga pitulungane Bapak kepala sekolahe rikala sekolah dhasar mbiyen. Dhaneme SD apik mula banjur diperjuangke supaya bisa entuk dhana beaasiswa saka bapak asuh. “Mas Adi ngalamun ya?!”

Gragap, Setiadi kaget. Nurmaning Ayu putrane Bu Bakun wis cengengesan ana ngarepe.

“Wadhuh ngeget-egeti wae kowe ki!” sumaure.

Tanpa dimangakake bocah manis kenes mau wis lungguh njejeri Setiadi. Sing dijejeri malah ngedohi.

“Piye Mas, sidane? Ayo sesuk budhal bareng ndhaftar kuliah menyang Malang!”

“Nur, ya pangaapurane wae! Kowe budhala dhisik, kapan-kapan ….”

“Ora!” aloke sengol munggel ucape Setiadi.

“Lho pikiren ta, lha nek aku nerusake kuliah, banjur wragate apa? Dhengkul, pa?” sumaure setiadi manteb.

“Ngene lho, Mas, bab wragat gampang! Aku mengko rak bisa ngatur. Dhana sekolah lan transportku daktikelake. Ibu rak ora priksa. Lha kuwi mengko kanggo wong loro. Sing penting beres! Sampeyan bisa nerusake sekolah bebarengan karo aku!”

“Piye?! Ora, Nur! Aku emoh!”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

95