Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/115

Kaca iki wis divalidasi
MARATUWA
Siti Aminah

Lagi saiki aku bisa nggagas kandhane wong-wong menawa sawise bebojoan wong lanang banjur lali marang kulawargane iku amarga sing wadon nguwasani sing lanang. Nanging iku during mesthi yen bener. Biyen mono aku bisa ngiyani, nanging saiki bareng aku nyipati dhewe, bisa mencak-mencak menawa ana kan celathu kaya ngono iku.

Embuh wis kaping pira olehku akon bojoku bali, niliki wong tuwane ing desa wulan iki. nanging dheweke tansah wangsulan menawa lagi gelem bali yen aku gelem melu. Ya iki perkarane. Aku durung duwe cukup kewanen kanggo ketemu maratuwaku. Menawa kudu ngenteni thukule kewanen sajroning atiku, taun ngarep wae during karuwan bojoku bisa bali.

“Mbok bojomu kae dikandhani, yen nyan dhang iku sing wangun, kareben aja ngisin-isini aku.” Mengkono celathune Ibu maratuwa marang bojoku sawijining dina sawise ngundhuh mantu, ya sing jenenge aku iki.

Aku mung unjal ambegan ing njero kamar. Embuh kepriye karepe. Yen ngrasani kok aku sing dirasani barang dijarne bisa melu krungu. Apa arep alok nanging ora kepenak amarga aku wong anyar?

Hhh…Aku mung mecucu nalika bojoku mlebu kamar lan ngomongake apa kang dikandhakake ibun marang aku.

Telung dina urip bebarengan keluwargane bojoku mujudake dina kang kebak siksa. sapolah ingkahku tansah kleru saengga aku rumangsa tindak-tandukku diawasi dening wong liya. Wong kanga rep golek cacade awakku. Untung mung telung dina aku ana kana lan sawise iku aku bali ing kuthaku. Lega….

Aku wis lali kedadeyan kang ora menaki ati kuwi nalika ana sawijining wigati ing omahe maratuwaku. kanthi rasa bungah amarga aku pancen seneng dolan, mlaku-mlaku ing padesan aku teka ing kana. Pranyata maratuwaku pangah kaya dhek semana. Aku kleru amarga ora gelem ndhisiki cecaturan karo mantune kang luwih tuwa. Aku kleru amarga sandhanganku ora wangun dianggo mantune sawijining priyayi ing kana. Lan kleru-kleru liya kang kanggoku ora klebu ing akal….

102

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010