Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/116

Kaca iki wis divalidasi

Kaya arep pecah rasane dhadhaku rikala iku. Manawa nuruti ati mono aku kepengin ndang bali. Nanging daksareh-sarehake ati iki. Ing sisihku ana bojoku sing kudu dakjaga uga pangrasane. mula sanadyan mengkap-mengkap rasane ati, aku mung meneng narima….

Aku rumangsa Manawa pancn tekaku ing keluwarga kene ora dadi atine wong tuwa apadene sedulur-sedulure bojoku. Aku anak mantu kang ora dikarepake. Mbuh kepriye jalarane. Mbokmenawa amarga aku ora klebu wong wadon kang ayu. Beda karo amntu-mantu liyane. Wis ngono, wong tuwaku dhewe uga ora klebu wong cukup. dadi menawa tangkepe keluwargane bojoku ora nyenengake ya lumrah wae. Mesthine rak ya gela ta, anake lanang, sedulure lanang kang digadhang-gadhang jebul mung entuk pasangan kaya ngene….

Wis kawit biyen aku ngerti bab iki. Maneka warna pepalang tansah ngadhang anggonku mbangun katresnan. nanging, mbokmenawa pancen jodho saengga kabeh bisa katerjang lan pungkasane aku bisa ijab karo bojoku iku. kepriyea wae aku kudu tetep matur nuwun marang maratuaku. Awit senadyan ora pati sarujuk, sidane aku kelakon dadi mantune. lan tanpa panggulawentahe bojoku ora bakal bisa dadi kaya ngene. Dadi pawongan kang mongkogake tumrap sisihane.

Hhh… senadyan ngono meksa atiku iki keranta-ranta amarga tangkepe maratuwaku iku. Eleka kaya ngapa aku iki ya manungsa. Padha karo mantu liya. Aku ora njaluk ditresnani kaya dene mantu liyane. Naning aku uga emoh yen dicacad lan tansah digunem kaya ngene. Sajake aku iku kok dianggep mung kaya regedan kang kudu disingkang-singkang lan prasasat ora ana panggonan liya kejaba jugangan.

Tekan omah ora bisa dakdhelikake maneh pangrasaku. Luh kang dakampet wiwit ana omahe maratuwaku pating brudhul metu. Luh laraning rasa tatuning ati.

“Sakarepe, ibumu arep nggemateni mantu liyane, aku ora bakal cawecawe. kuwi urusane. Nanging aku aja dikorbanake. Menawa kaya ngene iki kepriye aku bisa nresnani ibumu kayaa dene nnresnani ibuku dhewe? Ibu ngaya wara…Aku ngguguk ing peturon. ngesok sakabehing pangrasa marang bojoku.

Ing sandhingku, bojoku mung dhelog-dhelog.

“Wis, aku ora perlu mara. Kanggo apa? Aku teka nglegakake awit angel golek wektu sela. butuh ragad, butuh tenaga. jebul mung kaya ngono entuke. kanggo apa? kedharang-dharang teka, bali mung gawa lara,” kandhaku mbacutake.

Amem! mung keprungu suwara sesenggrukanku kala-kala.

“Aja maneh kowe. Aku dhewe wae ora dianggep dening wong tuwaku kok.’

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

103