Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/119

Kaca iki wis divalidasi
USUM MALING
Imam H.

Suroto misuh-misuh jalaran mau bengi dhisele ilang ana tegal. Dhisel lagi dipasang kanggo ngompa banyu ngge leb jagung ndadak dicolong maling. Mangka jagunge durung wareg….

“Bajingan! Maling kurang ajar! Kapan kapan yen konangan sida dakpendhem urip-uripan!” Ngono grundelane karo kang Mukhid, tanggane nggarap tegal.

Kang Mukhid nambahi, “Sing nyolong dhielmu kuwi jare wong Brang etan To, kandhane cah-cah sing saben mbengi cangkruk jaga na gerdhu tapel wates.”

“Gene yen ngerti kok ran dang dicekel njur digebugi, kareben klenger?”

“Sak jane wis telung bengi leh ndedhepi. Warso weruh cah gondrong sing jenenge katemo ka brang etan klimpang-klimpung na desa kene. nanging piye olehe arep nyekel, wong ora ana buktine.”

“Pancene mono wong jaga karo malinge isih pinter malinge. Nglena. Mengko yen sing padha jaga mubeng nalor, malinge ngidul. Yen sing jaga ngetan, malinge ngulon. “

Wong sadesa kendhal dina iku umyeg ngomongake Suroto sing kelangan dhisel. warunge sadiyo kaya biasane kebak wong sing padha arep nyang tegal. Werna-werna sing diomongke, wiwit perkara GusDur, Ibu Mega, nganti tekan krismon sing berkepanjangan. Akeh rampog, akeh copet, akeh jambret, begal, kecu, tukang apus-apus, lan maling…

“Mau bengi dhisele Suroto ilang,” kandhane Sadiyo sing duwe warung sinambi ngudhegi wedang gula bubuk pesenane sing –adha cangkruk.

Warimin nambahi informasi, “Saiki pancen usum maling Guk Yo, Waridi wingenane kapan kae ya kemalingan.”

Padmo takon, “Sing kenek, napa Lik?”

“Ala-laa, ora mingsra. Kompa, Le. Kompa dragon sing dipasang ana mburi omah, lali ora dilebokake. Amblas!”

Padmo banjur crita, “Nggene Pak Guru Dakir dhek malem minggu nika nggih kebobolan. Malinge lewat cendhela. nanging sajake malinge

106

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010