Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi

niku taksih jireh, Lik. Mosok sepedha motor kantun nuntun, TV warna nggih kari ngangkat, federal nggih wonten. Nanging sing dipendhet niku lha kok ming dhuwit pitung atus skeet.”

“Pitung atus skeet ewu?” pitakone sadiya sing duwe warung.

“Enggih ta, mosok pitung atus rupiah, ngge napa!”

Suroto sing kelangan dhisel teka, bebarengan karo Kang Mukhid.

“Kene, kene To…” Warimin mbagekake.

“Piye? Sida ilang tenan dhiselmu?”

“Ilang! Trah maling bajingan tengik kok, Jagungku durung wareg je! Lagi tak leb sawengi, dhisele dicolong maling!”

“Kopi Guk Yo,” kandhane Kang Mukhid karo mapan jigang ana dhingklik, “Suroto gawekno pisan, legi pait.”

Beluk rokok katon kumelun, kaya dhiyang. Sawise nyruput wedang kopine, Padmo kandha, “Dhukunane Mbah mangun Mbata, sajake mandi tenan. Wiwit usum maling iki Mbah Mangun rak nate kandha marang Jiwo...sing ngati-ati lho Wo, kandhane. Saiki akeh maling, yen ndhisel bengi tungganana. Mula saben ndisel, Jiwo banjur njaga sewengi natas ana tegal. E, keri-keri lha kok dhisele Suroto sing ilang.”

Sadiyo sing duwe warung ngimbuhi, “Pancen tenan kok, Mbah Mangun dhek kapan kae nate mbedhek… Bengi kapan kae Pak Guru Dakir yaw is diwanti-wanti. Cendhela sing kacane pecah ditabrak bal volley kudu ndang diganti kaca. Aja mung diteplok triplek, mengko mundhak dibobol maling. Ora suwe njur kebobolan tenan.”

“Dhek malem Wage kepungkur, jare …Sunar ya kelangan,” info anyar saka Padmo. Suroto takon, “Sadurunge kelangan, Sunar yaw is dikandhani dening Mbah mangun. Nek simpen jagung aja neng bale desa. Mengko lek disaba maling ra ana sing njaga. Lha… ora lidok jagunge ilang limang sak.”

Kang Mukhid ngegongi, salahe sunar dhewe! Wis dikandhani ngono kok ra nggatekne.” Warimin ketarik karo critane Padmo, baab dhukunane Mbah Mangun. “Pa tenant a, Le? Omongane Mbah Mangun iku mandi?”

“Leres kok, Lik Masiyo nggene Pak Dhe Sarno sing kemalingan tip nika, sak derange nggih pun disanjangi dening Mbah Mangun.”

“Nek kandha piye?” Warimin ndhedhes.

“No, awas lho! Ngoten sanjange. Bengi mengko lek manut etunganku, maling sing arep ngrusuhi desa kene, ngincer omahmu.”

Warimin manthuk-manthuk. Padmo neruske omongane, “Milakna sakniki rak kathah tiyang nedhi pageran teng nggene Mbah Mangun. Waah, nggih renes. Onten sing nyukani gula-kopi, onten sing nggawanggawa gedhang salirang, enten sing naming nyukani arta…”

Kang Mukhid nyelani, “Jare cah-cah jaga, malinge ki, cah brang wetan, rambute gondrong. Pa bener ta, Mo?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

107