Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/123

Kaca iki wis divalidasi

Ora suwe, saka kulon omah Padmo mlayu-mlayu karo mbengok, “Maling! Maling! mandheg! Malinge ngalor!”

Sanalika cah-cah siskamling padha pating bleber nguyak maling.

Warimin karo cah nom-noman papat mau ngerti. Mula kabeh padha ndhepipis panggah ana ngisor gedhang. Bareng sing padha jaga wis entek, marga padha mlayu ngalor, malinge sing temenan wiwit nyedhaki ngiringan omah.

Kanthi piranti linggis, cendhela omahe Warimin dicukitl. Warimin aweh sasmita marang cah nom-noman papat supaya wiwit nyekel malinge.

Maling arep mlayu, nanging wis kedhisikan penthunge cah nomnoman papat mau. Sida remuk! Sambate ngaruara, njaluk sepura. Bareng maling digeret menyang nggon sing padhang, jebul… Sampir, putune Mbah Mangun.

“Hayo! ngakua, sapa kancamu?” Warimin ngacungake penthunge. Sampir kandha, “Padmo….”

Esuke, Padmo karo Sampir digawa menyang kelurahan.

Wayah Malem Minggu, Kang Mukhid ora sida melekan jalaran desane wis aman. Malinge jebul putune dhukune dhewe.

Mulakno, omongane Mbah Mangun mesthi titis terus, lha wong pancen dhalange!

Sawengi natas wong sak omah padha turu angler. Nanging bareng wayah bangun esuk, Kang Mukhid cluluk, “Wah, sida kemalingan tenan, Mbokmu…”

“Sing ilang apa, kang?”

“Lho …lemarine Siti kok mbukak! Jenddhela kamar iki ya mbukak?”

“Ning, jendhelane kok ra rusak?”

Mbok Mukhid terus nyeluk anake, Siti, sing biasane tangi esuk wis korah-korah ana sumur.

“Tiii, Siiti! Mreneya dhisik, Ndhuk!”

Nanging sing diceluk ora sumaur. Pisan pindho diceluk, ora ana mara. Digoleki ubeg ana kamar, pawon, jedhing, WC, ya ora ana….

E, senadyan dhukune wis ketongek, kejodheran lan konangan wewadine, jebul isih ana omongane sing mandi. Kang Mukhid malem Minggu sida kemalingan. Sing ilang Siti, anake wedok, digondhol maling menyang brang etan….

Jaya Baya, No. 49, Minggu wage, 6 Agustus 2000

110

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010