Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/126

Kaca iki wis divalidasi

Perang bantayuda jaya binangun ora bisa diselaki. Lagi wae Pujo tekan ngomah, wis diamuk Giyem. Anake padha mlongo weruh ibune nesu. Mangka durung nate sepisan wae ibune nesu kaya mengkono. Koper-koper lan tas wis ditumpuk ing kamar tamu, kaya arep lungan adoh.

“Mas Pujo, saiki uga aku lan bocah-bocah terke mulih nyang wong tuwaku,” kandhane Giyem karo mencereng.

“Ak ..., ak ..., aku ... rak ora dhong apa karepmu,” kandhane Pujo karo glagepan.

“Ora sah nambong! Yen ora dhong kana takona Atik!”

“Oh ..., kuwi ta. Kowe mesthi dicritani wong ta?”

“Cukup! Ora perlu dawa-dawa! Ayo sing penting saiki budhal!”

Satekane omahe wong tuwane Giyem, Pujo diusir bali mulih tanpa diapura kesalahane. Atine Giyem murub mubal-mubal tanpa bisa dileremake. Sawise pamitan mara tuwane sing uga semplah atine, Pujo gegancangan bali mulih.

“Tiwas kebeneran ora ana sing ngalang-alangi anggonku langen katresnan karo Aik,” batine Pujo nekad.

Keselak ora sranta, tekan ngomah Pujo daya-daya budhal nggoleki Atik. Tekan plataran omahe Atik wengi iku katon ana tamu akeh ing kamar tamu. Sajake kaya ewuh duwe gawe. Nanging sepira kagete bareng dikandhani yen sore mau Atik wis tumekaning pati sarana ngombe baygon, sawise dhokter mratelakake yen dheweke ngandhut.

Djaka Lodang, No. 44, Th. XXX, 31 Maret 2001

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

113