Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/127

Kaca iki wis divalidasi
KEBOBOLAN
Amro Djuhendi

Bengi kuwi anggonku petualangan wis takniyati, ora tanggungtanggung, senajan iki genah prakara kriminal, wis bene wae. Gregeten aku. Wiwit awak kena PHK, sasat urip iki kaya kesurang-surang kae ayakna. Arep utang silih, terus mengkone apa sing arep dianggo nyaur. Wis genah sing jeneng wong nyilih, kudu mbalekke. Wong utang wajibe nyaur. Kuwi sing marahi. Gek njur urusan weteng, ora bisa sinangga entheng. Weteng papat kudu klebon upa kabeh saben wektu. Anak telu. Wayahe lagi semege-semega kabeh lan wetengku dhewe. Digawe ngirid, limang ewu ripis saben dinane kuwi yen ana, lagi pas. Ya kuwi mau, ngirid. Terus senajan limang ewua kae wong nol. Aja maneh limang ewu, serupiyah tugel wae genah ora nyekel, kok limang ewu.

Wis takcekak wae, butuh wis oleh. Ning ya kuwi, isih rupa barang. Isih mbudidaya mayokake barang mau disulap bisane dadi dhuwit, ora takcritakake barang apa saka ngendi entuke. Mengko mandhak kejodheran, malah ruwet dadine, sapa ngerti jebul malah sing maos iki sing kelangan.

Rampung laku cilika, rekane baliku metu kebonan sing uwite gedhang mrepeg. Nuli milang-miling ngupadi gedhang tuwa ing wite. Tur rembulan manglung ngulan rada mbiyantu nyoroti kahanan gedhanggedhang sing tak cublesi mbaka sacublesan. Debog mengkeluk alon. Bareng dhoyonge wis gaduk, pucuk bonggole tilas tuntut sing wis garing tak ranggeh. Nuli cles, cles, ping pindho wae tundhunan gedhang wis semeleh lemah. Tlutuhe ngotosi bathukku, asem. Ibut olehku ngulapi. Dadine tambel sarung gupak tlutuh gedhang. Ora papa wis, bene wae. Ngene iki ya klebu pokok uga tumrap pakaryan ama londhos kaya ngene.

Gedhang raja isi pitung lirang, tadhah-udane wis ana sing suluh limang leran. Urute sing suluh ya wis mringin-mringin meh nimbal. Dadi rada mbrengkut gawanku ketambahan gedhang satundhun. Aman, ora ana pepalang sawiji apa. Tekan omah anak-anakku isih padha turu nglengkur, malah ana sing ngorok slenggar-slenggur. Uh, ora ngerti menawa bapakne wengi iki dadi lawa kalong mangsa gedhang, sawise dadi ... ah,

114

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010