Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/128

Kaca iki wis divalidasi

ra usah diterangna wis. Ya, betekna kanggo ngisi weteng-wetengmu le, ndhuk. Wis, dadi begjamu, hemmm, menangi jaman teka kaya ngene. Bapakne kenek PHK saka papan nyambut gawe sakala bubrah urusan ekonomine. Uh, ora wurunga ya mung merga krenah pokal gawene padha manungsa sing kumawasa degsiya.

Gedhang wis takcengkehi. Sing rong sisir tadhah-udane lan sesisir meneh takpotheng-potheng terus dilebokake kendhil wesi, digodhog. Kapan mengko jebeng-jebenge, sadurunge budhal sekolah rak kena kanggo asel-asel wetenge. Gedhang suluh padatane gempi tur kenyil-kenyil semu legi. Lumayan kanggo ngisi weteng sawetara.

“Thok-thok,thok-thok!”

Weit, e lhadalah. Ana sing nothok lawang kae ..., sapa ta iki? Batin iki mangu-mangu. Wayah mene hakok ana sabawa nyubriyani. Gek menungsane ki sapa wae taya, ya? Alon-alon lawang takwengakake kanthi kawaspadan .... Ooo...! Kagetku ora ilok, semu pendirangan ora baen-baen.

Pak Warjiman, lurahku, iya bapake wong sadesa kene, wis ngadeg njegreg ing ngarep lawang kanthi esem sajak ngemu gawe penting. Ing astane ana gawan tas kresek ireng. Embuh apa, agahan njranthal mlebu nadyan durung taksumanggakake. Terus njujug krusi, lungguh karo nyeleh gawane ing meja. Lawang taktutup kanthi ngancing pisan. Sajake Pak Lurah mung ijen.

“Iki lho brekat openana! Saka nggone Pasidi ket sore mau. Kana lho, lor desane dhewe iki. Ewuh gawe dum lemah putune. Aku pas liwat diampirna. Ya njur mampir no, wong ya nganggo disurung-surung kaya meksa. Apa alane mampir,” ature Pak Lurah njlntrehake.

Aku isih kedhik kukur-kukur sirah ketang ora duwe tuma.

“Kok ngantos ya menten ...,” kandhaku dipunggel sajak pana olehku pakewuh piye-piyene. Awit golek ukara sing pas kayane angel olehku arep micara. Ngetarani timen menawa lagi kemrungsung. Mula Pak Lurah cepet munggel rembug.

“Ah, haiya wis ngene iki ta, le, tumindake bapakmu kiye. Labet duwe tanggung jawab marang keamanan desane. Mula direwangi ngliyeg mubeng desa saben bengi, supayane bisa ngawruhi apa ta apa ing wengiwengi kang nyalawadi.”

Dheg. Sakala dhadhaku kaya kedhodhog rasane. Lambeku sakala kedher, ora kuwawa swala piye-piye. Ora wurunga Pak Lurahku iki ngonangi tumndakku ayaka.

“Nyatane bukti iki, weruh kliwere wong mlaku ijen, kon terus ilang mlebu kebonan. Bareng dakuber, ketemune jebul awakmu lagi amek pangan. Dadi kawit mau aku wis ana jaba kono,” ature.

Lha ..., dhuh ... dakmirengke dhawuhe sambuge.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

115