Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/131

Kaca iki wis divalidasi

“Uwh, nggunemu Yu mu. Ya wis ngono kuwi Yu mu angger ana wong saba. Pene sing disaba ki randha, jebul njur ...,” dakpunggel.

“Lhaaa ..., kuwi kik, haiya ane. Andekana arep kumbi ta, Kang?”

“Wis menenga sik. Wong kuwi ki dudu karepku je. Karepe kana,” ngono pangakune.

“Lha lidok, ra wurunga ngono paling alesanmu, Kang? Trus, trus piye, Kang?”

“Uh, kuwi mono soal mengko. Sing penting saiki kanggo nuruti problem. Beres-beres, wis ta mengkone,” kandhane.

“Huh, ke! Begja temen ta, Kang, awakmu kuwi. Kar kenang pe-haka, kok malah entuk gaweyan penak ...!” sirahku dijenggung temenan.

“Hus , ndhusmu kono! Diomongi sing karep kana jare!”

“Haiya, kuwi arane wong begja. Terus kira-kira ki gek njur arep ulem-ulem pa?”

“His, ulem-ulem piye, wong malah kapesan je.”

“Wut, kapesan ...?”

“Ko sik. Kandhani, kandhani. Rekane ki pas ana kesempatan. Yu mu pamit aku nyanggone kakange sing arep duwe gawe ‘dhun-lemah’ pa piye ngono lho. Dadi le rana sadurunge gawe. Aku ya njur lair batin nglilani. Ya ana kono kuwi kesempatanku. Ning, awak ki nek lagi apes, Dhi. Lagi leyeh-leyeh, bul malah kebablasen keturon. Ra ngerti bebaya ...,” dakpunggel.

“Bebaya, Kang? Kok bebaya ...!” aku plonga-plongo.

“Ya kuwi, kandhani kok. Bengi kuwi kebobolan je, Dhi.”

“Kebobolan? Ah hemm ..., iya no. Wong kok boboli yu randhane, ya kebobolan ....”

“Ahs, ndhasmu ah! Iki ki ora guyon lho, Dhi. Kemalingan kuwi lho.”

“Wooo ..., alah. Kemalingan, Kang? Harap keresikan atute?”

“Ya ora. Mung ke tape-deck ... karo ...” (Bang bayik, batinku). Nalika Tarmuji kandha tape-deck, padha sakala atiku mak dheg.

“Karo apane maneh, Kang? Aku nambong.

“Karo maneh tivine berwarna wong ana njero kamar. Kathik preti nggone ndokok. Dadi ya ora katut. Mula kuwi ta Dhi, lungaku kuwi rak luru-luru menawa nemu sisik melik sing kena nggo nitik. Tulung ya, Dhi, nek ana wong tawa-tawa barang wujud tape deck , njur cepet-cepet aku paranana.”

Sakkal aku dadi plenggak-plenggik. Ah kejodheran sing ora kasengaja iki arane. Kepiye wae aku kudu prasaja marang kanca, sing bar pisan ora tak nyana. Meja grobogan takbukak. Agahan ‘barang peteng’ daktuduhake Tarmuji.

“Kang, apa iki barange?”

Dheweke mendeliki barang sing daktuduhake.

118

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010