Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/132

Kaca iki wis divalidasi

“Lho, kok iy Dhi? Trus iki ....”

“Wis Kang, terus terang aku gelem kok pateni ngenggonkene. Jeraku pancen maling sing mbobol nggone pawong sing bar pisan ra takngerteni. Bul kuwi ta, Kang nggone Yu randhamu.”

“His, aja guyon ta, Dhi! Tenane?”

“Beteke luru sega sapulukan kanggo bocah sing semega-semega, Kang. Kepeksa taklakoni. Ning, modar-seg aku ora ngerti nek kuwi ki ...,” kandhaku dipunggel.

“Dhuh ..., Dhi ..., Dhi. Ya wis, ya wis. Damar mancung sinupetan. Tekan ndilalahe kok ya kowe dhewesing njupuk. Dadi kakange ki ora keirangan. Anua rak ...”

“Piye Kang ...?”

“Ya kuwi ta, nggonku nuroni mbok randha. Jebul ah, nek ngono kowe weruh aku ...?”

“Ya terang weruh no. Ning pa ngerti nek kowe no, Kang. Ngertiya ya ra bakal lakone ka kuwi. Ngertiku ki weh, le angler tuwan-nyonya bengi kuwi. Ketang peteng remeng-remeng, ya tetep ketok nek ting kringkel uleng kaya gimbal-urang kae le kelonan. Sing siji mekangkang, sing siji mekungkung ...!”

“His, jangkrik tenan ane! Wah nek ngono kowe kober-kobere njinggleng ya?”

“Ya kuwi, ra ngerti nek kowe kok, Kang. Lehku ngawasi, samar nek tangi njur mruwasa awakku, aku rak isa setan. Bul kowe ta, Kang? Wis aku mbok apakna ...?”

“Hayaah. Wis ta aja sumelang. Tujue mbok randha ra takwenehi lapuran. Dadi sih padha begjane. Nyoh, iki taktinggali tukon jajane cahcah ...!”

“Alah wis, Kang! Rasah, rasah. Aja, Kang! Aku wis trima ....”

“Kosik, nk kowe nulak, malah ora apik dadine. Wis, barang takjupuk mengko bengi, bene ora kedenangan wong-wong tangga-teparone,” kandha ngono Tarmuji karo nyeleh dhuwit puluhan telung lembar ing grobogan sing takenggo nyinggahi barang lehku mbobol dhek bengi.

Sasat wurung kabeh nggone Yu Randha ora sida kebobolan ...!

Djaka Lodang, No. 49, Th. XXX, 5 Mei 2001

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

119