Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/134

Kaca iki wis divalidasi

ana ing gedhung bertingkat delapan mau, tanpa ngenteni barengan wong sing wis biasa nggunakake lift, Samto wis pinter.

Sanajan ing tengahing wengi kang sepi, dheweke wis wani mudhun dhewe, saka ruang kerjane ing tingkat lima menyang lantai bawah saperlu tuku apa-apa. Upamane, yen pinuju kentekan rokok, gula, kopi, utawa supermi.

Nanging siyal kanggone Samto. Sawijining wengi, dheweke nutul tandha segitiga kang lancipe marep mandhuwur. Ing pangangkah supaya lift kang magrok ora kanggo ing lantai bawah iku gelem munggah menyang lantai lima.

Temenan. Ora suwe keprungu bel ‘mak kling’ njur lawange lift menga dhewe sarana otomatis. Samto banjur jumangkah mlebu kamar lift. Gandheng pikirane Samto isih semrawut, mikirke gaweane sing lagi digarap, dheweke lali ora nutul simbul “G”.

Ora suwe lift mudhun dhewe …. Atine Samto kumelap …!

“Lho! Matik aku!” panggrundele batin. Atine Samto entek, jalaran rumangsa pepes. “Piye iki? Sida mati tenan aku iki mengko.”

Sasuwene ndeleng ngiras sinau piye carane migunakake lift, durung nate menangi masalah kang kaya den alami wengi iku. Mula mengko piye carane mbuka lift, Samto ora ngerti. Ngertine Samto, mung yen migunakake lift sarana nutul simbul-simbule. Dene lift sing mudhun dhewe menyang lantai bawah iku ora bakal mbukak lawange yen ora diprogram sarana nutul simbule. Mangka yen ora diprogram, lift bakal mudhun dhewe menyang lantai bawah. Satekane lantai bawah, lawange ora gelem mbukak. Jalaran dianggep ora ana uwonge. Temenan. Satekane simbul “G” …, Samto bingung. Kringete wiwit mili dleweran ing pipi, jalaran lawang lift ora menga-menga. Dheweke uga ora ngerti piye carane mbukak lawang lift iku mau. Kang dingerteni mung yen lift iku mau diprogram, njur lawange bisa menga dhewe manut programe. Mangka nalika arep mudhun mau, Samto lali program. Lift mudhun dhewe, lan nganggep Manawa ora ana kang mrogram alias ora ana kang numpak. Mula satekane lantai “G” lawan lift panggah minep.

“Wah, piye iki?” panggrundele Samto bola-bali. Saking bingunge

Samto banjur ndhodhogi lawang lift karo bengok-bengok …. “Tuluuuuung! Tulung Paaaak! Tulung bukakna lawange!

Sanajan nganti bola-bali bengok-bengok lan ndhodhogi lawang lift, tetep ora ana wong kang krungu. Lawang lift mau rapete ora jamak. Satemene ora adoh saka lawang lift mau ana lobi kang jinaga dening Satpam loro. Ning, amarga Satpam mau lagi asyik anggone main catur, mula ora krungu manawa lawang lift didhodhog Samto saka njero.

“Wah …, piye iki?” ngono bola-bali batin atine Samto. “Sida turu sawengi natas aku ana ing njero lift kene.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

121