Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/135

Kaca iki wis divalidasi

“Dhog-dhog-dhog!” Lawang lift didhodhogi maneh karo tansah bengak-bengok, “Tuluuuuung …! Tulung Paaaak! Tulung bukakna lawangeeeee!”

Kira-kira ana seprapat jam, ana wong sing jenenge Prihono liwat cedhak lift. Prihono iku priya nom-noman kang wis kenal karo Samto. Lamat-lamat dheweke krungu swarane wong dhodhog-dhodhog lawang. Nanging ana ngendi asale swara mau. Krungune kok ora adoh banget. Prihono nilingake talingan karo ndangak-ndangak, jalaran swarane kaya ana tikus ing lantai atas.

Pancen sing keprungu mung dhodhog-dhodhog lawang. Iku wae keprungune mung lamat-lamat adoh. Dene anggone Samto bengak-bengok iku babar pisan ora keprungu swarane. Prihono nyendhaki lift. Talingane nilingake maneh. Temenan! Ana swara lamat-lamat, kira-kira swarane tikus ngamuk ing dhuwur. Mangkono batine Prihono.

Sakjane mung arep munggah neng lantai satu. Prihono nutul simbul segitiga sing lancipe marep mandhuwur. Lawang lift mbukak, Samto langsung mencolot metu. Prihono njola kaget, nganti dhadhane tab-taban.

“Adhuuuh …, meh wae mati neng njero lift.”

“Lho, kening napa, Pak?” pitakone Prihono gumun.

Samto banjur nyritakake lelakone. Nalika arep mudhun mau dheweke kelalen ora mrogram nutul simbul “G” ana ing lift. Mula satekane lantai bawah, lawang lift ora mbukak.

“Lho! Niki rak simbul kangge mbukak lawange, Pak.” kandhane Prihono karo nuduhake simbul anak panah loro kang lancipe adhep-adhepan.

“Wah, lha kula dereng ngerti nek niku kangge mbukak lawang lift.”

“Pak Samto rak sampun wongsal-wangsul minggah-mudhun lift. Kula kinten sampun ngertos ….”

“Inggih! Nanging ngertos kula niku rak naming caranipun mrogram tur anggen kula sinau nggih kaliyan ningali tiyang-tiyang ingkang pinuju migunakaken lift. Dene masalah dospundi caranipun mbukak lawang, rak mboten nate kula semerepi. Jalaran lift punika manawi dipunprogram tartamtu mbukak lan nutup piyambak. Kala wau kula supe mrogram. Mila lawang lift mboten purun mbukak.”

Sawise ngerti masalahe, Prihono ngguyu kekelen. Semono uga Satpam loro karo wong-wong liyane kang ana kono, kabeh padha ngguyu. Samto uga melu nggeguyu awake dhewe, kok kebangeten nemomi lelakon kang lucu. Sawise katog anggone ger-geran, Satpam loro terus nutugake anggone main catur. Dene Prihono mbarengi Samto tuku rokok ana ing pinggir ratan.

Sawise tuku apa butuhe, Samto bali arep munggah maneh menyang tingkat lima. Drijine nutul simbul segitiga kang lancipe marep manduwur.

122

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010