Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/136

Kaca iki wis divalidasi

Lawang lift mbukak. Samto mlebu kamar lift, banjur nutul angka lima. Lift krasa obah-obah, mlaku munggah. Satekane lantai lima, lift mandheg karo muni “makkling”. Lawange banjur mbukak dhewe sarana otomatis. Samto jumangkah metu.

Mangkono sabanjure. Dhasar wong ndesa, saka gunung nang-nung. Senenge munggah-mudhun lift ora eram. Yen wektu sholat, arep sholat wae leren mudhun menyang tingkat loro. Yen arep golek sarapan ya mudhun menyang kantin. Dene yen pinuju numpak lift ora ana barengane, saben rampung nutul simbul program, sadurunge lawang lift mbukak, tangane Samto api-api nyihir lawang, karo ing batin muni, “Zizaaaaa …, abra gedhabrah!”

Semono uga yen lift-e tekan lantai kang dituju. Tangane Samto nyihir lawang lift maneh, njur muni, “Zizaaaaaaa, abra gedhabrah!” Lawang lift banjur mbukak. Samto jumangkah metu, banjur nyihir lawang maneh supaya minep dhewe.

Prihono kang nulungi Samto senajan umure luwih enom, ewasemana klebu wong kang seneng ngudi ngelmu tuwa. Nuju sawijining wengi, Prihono njagongi Samto kang lagi nglembur illustrasi kanggo buku pelajaran SLTP. Ngiras ngobrol ngalor-ngidul, Prihono karo Samto ngraketake anggone kekancan, bisa manjing sedulur. Suwening suwe anggone anggone omong-omong nglereg tekan babagan urip neng alam donya.

“Jaman saiki niki jaman Kalabendu lho, Pak Sam,” kandhane Prihono.

“maksudipun?” Samto takon.

“Kalabendu tegesipun wanci wontenipun bebendu utawi paukuman saking Gusti Allah dhumateng tiyang ingkang remen tumindak dur angkara murka, remen ngakali tiyang utawi remen mbujuki ing supados pikantuk bandha kathah. Mboten ngertos halal-haram, pokok nguntungaken, nggih dipun lalap!”

Sabanjure Prihono nyritakake Manawa ora adoh contone wong kang seneng tumindak dur angkara iku. Kanca-kancane dhewe sing nyambut gawe ana ing perusahaan penerbitan lan percetakan kono dhewe akeh kang padha culika. Upamane, tuku mesin rega pat belas yuta wae dilebokake neng administrasi sewidak yuta. Honor pengarang pitung yuta kontan, dicicil mbaka sesasi sejutanan utawa rong yutanan. Lan isih akeh maneh conto-conto kang kaya ngono mau. Wis ta, pokoke perusahaan penerbitan lan percetakan kono iku, isine mung maling thok!”

“Wah, njenengan niku seneng sinau ngelmu tuwa nggih, Mas?”

“Mboten, nggih namung sekedhik-sekedhik kula nate maos.”

“Kok ngertos jaman Kalabendu punapa?”

“Pancenipun tiyang gesang menika kedah remen pados ngelmu.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

123