Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/137

Kaca iki wis divalidasi

“Salintunipun bab Kalabendu, ngelmu punapa malih ingkang panjenengan gilut?”

“Nggih, ngelmu tuwa. Ngelmu sangkan paraning dumadi. Nanging menawi badhe ngrembag Sangkan paraning dumadi niki, saene mbenjang kemawon manawi Pak Samto sampung longgar.”

“Hem…. Sangkan paraning dumadi?” panlesihe Samto. “Niku mbahas bab napa?”

“Tiyang gesang kedah ngertos, asal-usuling gesang. Njur mbenjang manawi sampun dumugi titi wanci, kedah ugi ngertos badhe dhateng pundi lampah utawi purugipun. Nanging, prayogi mbenjang-mbenjang mawon, manawi longgar.”

Ing sabanjure, Prihono ngrembug bab tasawuf, ngibadah lan sapanunggalane. Wong kang seneng nglakoni pasa, tarak brata, tirakat lan prihatin, bakal bisa nduweni kawaspadan lan kawaskitan. Bisa maca sastra cetha kang tanpa tinulis ….

“Wah, sastra cetha kang tanpa tinulis. Napa niku…?”

“Ah, mesthinipun Pak Sam langkung sepuh tinimbang kula, tartamtu langkung ngertos, langkung inggil ngelmunipun.”

“Mboten! Mboten, Mas. Kula niki raosing manah kok kados tiyang ingkang sepuh sepah, tuwa-tuwas, mbrabas kakehan beras. Saestu. Mila kula remen sanget mirengaken ngendika njenengan.”

“Sastra cetha kang tanpa tinulis punika arupi maca utawi maos kahanan ingkang nyata, njur dipungandhengaken kaliyan ramalan kangge nyumerepi kahanan punapa ingkang mboten nyata. Ananging, kangge nyinau maca kala wau, manungsa kedah kabikak rumiyin tarlen plawanganing go’ib ingkang arupi warana utawi kijab aling-alingipun.”

“Wah, lha niki kula lajeng kepencut saestu dhateng ngelmu panjenengan. Mbok inggih, kula dipun bikak rumiyin ….”

“Gampil. Mangke manawi saestu kepengin ngraosaken dos pundi ta gesang ingkang sejatos, mangga. Mangke kula bikakaken.”

Temenan. Bareng tekan titi wanci tengahing wengi, Sasmto semedi dituntun Prihono, mbukak warana tarlen plawanganing go’ib. Sajroning binuka, atine Samto ayem tentrem. Kaya-kaya rasane ati mau ora kena ginambarake. Tan kinaya ngapa.

Sawise binuka, Samto bisa maca kahanan kang nyata, kanggo nggraita kahanan kang ora nyata, kang ana sangkut-paute karo kahanan kang nyata mau.

Kang bisa kawaka arupa sastra cetha kang tanpa tinulis, yaiku glagat-glagat kang nyalawadi, bisa katon kabeh. Kayata, mesthine honor kanggo Samto iku rong yuta, mung diwenehake sayuta. Royalty' buku kang terbit, ana kang ora disampekake marang dheweke.

124

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010