Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/138

Kaca iki wis divalidasi

Nanging Samto mung tiwas gela, jalaran aluwung ora ngerti manawa dheweke iku dibujuki. Tinimbang sawuse ngerti, njur ora duwe buktibukti kang kuwat kanggo ngurus, tiwas kaya asu kerah rebut balung tanpa sungsum.

Samto ngerti manawa honorarium lan hak royalty-ne diuruki perusahaan penerbitan kono. Nanging arep piye maneh? Saupama nuntut liwat hukum, ora duwe wragad. Ngurus genahe sarana omongan, tiwas padu kalah perkara. Mula ya wis, ditrimak-trimakake.

Nganti saiki ya mung prihono iku kang dadi sedulur sinarawedi, jalaran ya mung prihono iku kang tau mbukakake lift nalika Samto kebetheng ana ing njero lift. Lan maneh iya Prihono iku kang wis mbukak kijab tarlen warana plawanganing go’ib tumraping pribadhine Samto.

Muga-muga wae Gusti Allah piyambak ingkang ngadili kahanan donya kang akeh ora adile iki. Ing pangajab, yen kabeh manungsa gelem jujur tumindak adil, tartamtu ora bakal ana kasangsaran kang tumama marang sakabehing titah ing alam donya iki.

Djaka Lodang, No. 05, Th. XXXI, 30 Juni 2001

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

125