Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/140

Kaca iki wis divalidasi

“Mas, kantorku lagi wae rampung ngadani penataran ana ing Hotel Metro ing Sarangan, papan awake dhewe ngrajut tresna mbiyen. Aku isih neng kene, ngenteni rawuh panjenengan lan yakin yen Mas Drajad mesthi rawuh.”

Dadakan, klek! Tilpon dipateni, njalari rasa bingung awit kepengin isih ngobrol luwih suwe maneh. Nitik swarane kena dipesthekake yen olehe nilpon saka pesawat dadi dudu handphone ning nek arep kontak balik ora ngerti saka ngendi lan nomere pira. Nalika nyoba liwat ponsele, uga ora ana nadha sambung. Karang nomere iki sing menehi watara rong taun kepungkur, bisa uga saiki wis ganti utawa yen isih pancen njarag dipateni. Wusana ya uwis, entek-entekane bali mlebu ruwangan. Angkahku mono arep nerusake sing mung kurang sethithik, wewayangan kenya sing lagi wae nilpon jejogetan ing tlapukan mripat.

Candrasasi, ah! Kena apa dheweke njedhul maneh sawise rong taun takkubur, tatuning ati durung pulih malah kepala lagi timah-timah lha kok dijojoh maneh. Iki ora njalari mung kumat, ning kepara malah ndadi. Wiwit ing SMU aku lan Candrasasi pancen wis raket, malah kena diarani pacaran. Nganti padha-padha kuliyah sesambunganku saya raket, mung wae sanajan tunggal sa-universitas ning beda fakultas. Dheweke neng Fisipol Jurusan Hubungan Internasional, dene aku neng Ekonomi. Aku sakloron wis pancen duwe niyat, nek bebrayan mbangun keluwarga adhedhasar tresna suci.

Ning pranyata aku sakloron kudu mrangguli kahanan sing paling pait, ngadhepi tembok kandel kang tangeh lamun ditembus, wong tuwane Candrasasi ora setuju, aku iki mung saka kalangane wong biasa sing panguripane rekasa, alias mlarat. Beda karo Candrasasi sing mula isih keturunan ningrat tur sugih, dadi ora imbang. Sanajan lara, nanging aku bisa mawas dhiri yen pancen kurang trep manawa sesambungan diterusake. Mung wae Candrasasi sing ora bisa nampa, dheweke panggah ngotot emoh dipedhot jer jarene katresnane wis kebacut ngrembuyung, pepalang apa wae bakal ditrejang, rawe-rawe rantas malang-malang putung. Pokoke, aluwung ajur tinimbang mundur.

Nganti sawijining dina, wektu semana aku diajak neng Maospati jarene kancane ana sing dadi nganten lan aku dikon ngancani. Pranyata mung pawadan, dheweke ngajak mlebu ing hotel kawasan wisata Sarangan. Sing dipilih Hotel Metro kang dumunung ing sapinggiring tlaga, lagi wae mlebu kamar. Brol! Tangise pecah ing pangrangkulku, ing selane tangis sing wutah iku dheweke ngesok panguneg-uneg sing isine nedya dijodhokake karo priya pengusaha sukses lan isih ningrat. Akeh-akeh anggonku ngiguhake amrih gelema lan nurut wong tuwa.

“Panjenengan rak tresna karo aku ta, Mas?”

“Tresnaku marang sliramu tulus suci, ning tresna ha rak ora kudu ndarbeni jer aku ngrumangsani yen dudu pilihane wong tuwamu.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

127