Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/143

Kaca iki wis divalidasi

naning kendharaan. Aku unjal ambegan landhung. Kena apa dadi tega marang bojo sing ora duwe dosa. Pancen aneh, aneh banget. Apa ya iki sing diarani tresna sejati? Ah embuh, ning sing cetha aku ora kuwawa ngilangi wewayangane Candrasasi saka ati kang paling jero. Luwih-luwih nalikane dheweke nilpon mau. Ndungkap kutha Ngawi dalane sepi, kanggo ngerteni yen kekasihku isih ngenteni lan temen-temen anggone ngenteni tekaku, handphone takjupuk. Nomer-nomer sing takkarepake takpijet, wusana diangkat lan keprungu swara wanita sing sopan.

“Hotel Metro, sugeng siang.”

“Sugeng siang, Mbak.”

“Wonten ingkang saged kula bantu?”

“Nyuwun prisa, menapa wonten tamu ingkang asmanipun Ibu Candrasasi saking Jakarta?”

“Anu, peserta Raker Departemen Luar Negeri?”

“Leres.”

“Tasih, Pak, Ibu Candrasasi konduripun mila dipun undur dene sedaya peserta Raker mila sampun ceck out wau enjing.”

“Matur nuwun, Mbak.”

“Perlu kula sambungaken ing kamaripun?”

“Mboten, sugeng siang, Mbak.”

“Sugeng siang.” Handphone takpateni, edan! Pranyata Jeng Candrasasi serius olehe ngenteni tekaku. Rasaku dadi saya kemrungsung, mobil luwih takbanterake, wusana nggeblas pindha thathit.

Pikiran mung siji, age-age ketemu sang gantilaning ati.

Mbok Manawa bener ngendikane para winasis tresna sepisan lan sejati mono tangeh lamun bisane ilang. Kepara digawa tumekaning pati, lan ora bisa dipindhah marang wong liya. Bab iki uga takalami, karepe wong tuwa mono becik lan wicaksana. Pedhot katresnan karo Jeng Candrasasi tatuning ati pancen susah lan kelangan pangarep-arep urip. Mula gage dijodhokake wanita liya, amrih sakabehing cintraka bisa ilang, nanging jebul ora bisa, ditilpon Jeng Candrasasi wae dadi uyap. Direwangi dora karo bojo, bisa-bisane mlincur nyambut gawe lan kedhungsangan tekan kene mung arep tumindak slingkuh. Ning embuh, tresna pancen misterius lan angel digagapi dening manungsa.

Sawetara iku mobil sedhan Peugeot sing taktumpaki terus munggah ndeder, mecaki pegunungan asri kang kiwa-tengen wiwit kebak villa pating tlecek. Nalika papan sing taktuju wiwit katon, lambeku dadi mesem kelingan Hotel Metro dumunung ing pucuk, cedhak tlaga utawa kedhung sing jembar ngilak-ilak pindha samodra. Hawane adhem njekut, sesawangan endah lan nengsemake. Mula lumrah yen dadi jujugane wisatawan

embuh asing utawa dhomestik, jer pancen pas kanggo ngenggar-enggar

130

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010