Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/144

Kaca iki wis divalidasi

penggalih. Uga akeh kantor sing ngadani rapat ing kene awit ing kene akeh uga hotel berbintang kang fasilitase cukup komplit, kaya kang ditindakake kantore Jeng Candrasasi.

Saka kadohan dakwaspadakake lungguh ing sapinggiring kedhung ngarep hotel lagi ketungkul maca majalah. Lambeku dadakan mesem, saka pamawasku Jeng Candrasasi ora owah. Lire, isih tetep kaya dhek dadi pacarku biyen sing ayu lan merak ati sarta bisa gawe getering ati. Dhasar lagi santai, penganggone sarwa prasaja kang dumadi T-shirt rupa krem polos lan clana jeans coklat tuwa. Rambute ditaleni karet gelang, raine blas ora nganggo make up. Ewasemana dhasare pancen ayu, panggah wae ngresepake, bola-bali mripate nyawang dalan kanthi rasa goreh, sajake ngenteni tekaku malah tangane njupuk handphone embuh arep nilpon sapa.

Thuuuuut….

Bathukku njengkerut, lha kok handphone-ku sing muni. Apa iya dheweke sing ngontak aku? Sakawit aku pancen ngajak guyon, ning ya nek pancen saka dheweke, nek dudu apa ora kewirangan. Lire, yen sing nilpon saka kantor apa ngomah ha rak bilahi, mula alon-alon tilpon taktampa karo maspadakake solahe kenya ayu pinggir tlaga.

“Hallo ….”

“Mas Drajad?”

Ces, pranyata bener dheweke.

“Ora sah nilpon barang, aku wis ana ngarepmu, gilo….”

“Dadi…?”

Handphone ditutup, Jeng Candrasasi thingak-thinguk, sajake nggoleki aku, neng endi. Pancen dheweke durung ngerti marang mobil sing takenggo iki, lagi sawise mandheg lan aku mudhun, dheweke mlengeh nalika mbradhat mlayoni nedya ngruket, aku gage menehi sasmita karo nglirik kiwa tengen supaya njugarake kekarepane. Awit ing kono pancen akeh wong, mosok rangkulan neng njaba. Jeng Candra tanggap, tangana tengen mung ngrangkul bangkekanku, dene tangan kiwaku ditumpangake ing pundhake. Sinambi mlebu lobi hotel, kunci mobil takpasrahake room boy sing banjur nggawa neng parkiran.

“Sayah, Mas?”

“Ora, biasa wae.”

“Nyetir mobil Yogya-Sarangan meh patang jam ora kesel?”

“Soalae arep ketemu widodariku.”

“Huh gombal! Ning aku yakin nek Mas Drajad mesthi rawuh mrene.”

Lawang kamar takbukak, ganda arum kembang melathi ngebaki ruwangan. Sawise nyelehake koper lan resik-resik awak, rasane seger kayakaya ilang sakabehe lungkrah. Jane mono wengine durung pati sempurna,

gandheng neng pucuk gunung dadi adheme prasasat njekut. Jeng Candra

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

131