Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/148

Kaca iki wis divalidasi
KABEGJANE Sugeng Pujo D.H.R.


Mas Nganten saiki wis dadi wong singke kecukupan uripe. Malah kepara turah-turah bandhane. Beda banget karo dhek biyen. Bebasan kahanan malik grembyang 180 drajat. Biyen nalika isih dadi ‘Panji Klanthung’ klonthang-klanthung awake kuru tansah ingah-ingih. Pakeyane prasasat ora tau ganti. Istilahe ‘thok ji, mbi ji’. Gonteng sing yen guyon sok rada kebacut, menehi sebutan nylekit, yakuwi si bokek, alias wong sing ora tau duwe dhuwit. Malah jeneng ‘Mas Nganten’ kuwi ya saka akal-akale Gonteng. Dumeh lulusan SMP ngerti basa Inggris sithik-sithik banjur ‘Mas Ngaten’ sing jeneng asline Mariadi, diplesetke nganggo basa Inggris dadi ‘Meried’ sing maknane ‘nganten’. Saben Gonteng ketemu menawa alok ‘Mas Nganten’ banjur ngguyu kekel saking senenge, olehe bisa ngece. Nanging jalma tan kena kinira. Saiki Mariadi dadi wong sugih ing desane. Kepriye larah-larahe olehe bisa sugih ora ana sing ngerti.

Mung watara 15 taunan, usahane saya mundhak gedhe. Duwe toko klontong, toko ondhredhil mobil, dadi agen minyak bumi, usaha ing bidhang transportasi. Angkot ana 5, truk 3, kabeh padha oprasi. Mula penghasilane prasasat ngetuk mbanyu mili kaya-kaya ora tau asat. Ora maido, jeneng yen lagi kesinungan iki pancen kaupamakake suket gadhong dadi rewang. Kosok baline si Gonteng sing biyen seneng ngiwi-iwi, saiki ora nempil sithik-sithika. Apa maneh bareng tansah lelaranen saiki banjur katon tuwa. Pancen wong kuwi yen arep ngunduri umur, yen ora dijaga kesarasane, adhakane banjur lunga teka lelarane. Apa maneh yen nganti kesengkan anggone mikir kadonyan, kuwi sing banjur nyengkakake kanggo lantaran nyuda umur.

Ora ngerti apa sebabe, tumeka saiki Gonteng ora nuduhaake tangkep sing becik. Ora mung kuwi wae, malah Gonteng iya tegel nyebar isu sing ora samesthine. Bab kuwi Mariadi wis ngerti nanging ora digagas. Yen Gonteng rumangsa dhewe merga perlakuane karo Mariadi dhek biyen iku kliru. Jalaran tumrape Mariadi wis ora kepikir. Sing biyen kuwi mung dianggep kaya kembange wong turu. Dene sing saiki kuwi kasunyatan

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

135