Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/149

Kaca iki wis divalidasi

sejati. Mariadi wis ngubur kabeh lelakone sing biyen. Senajan Mariadi tansah nuduhake ulat becik, ewasemana Gonteng tetep ora gelem nyanak.

Nuju wayah sore Gonteng sanja menyang omahe Lik Pawiro. Wong loro kuwi pancen akeh kacocogane. Mula yen ketemu gayeng banget. Kaya dene tumbu oleh tutup. Bareng wis ngobrol ngalor-ngidul sawatara, entek-entekane Gonteng nyandhak usahane Mariadi.

“Saestu Lik …, suksese Mariadi mboten sebaene. Yen Lik Pawiro ajeng ngertos, angsale pados teng Gunung Mbalak. Pokok kula ngertos ….”

Lik Pawiro sing dikandhani mung manthuk-manthuk. Lagi wae arep kumecap, Gonteng wis nyambung.

“Mula sugih mblegedhu niku nggih saking mrika. Ning nggih niku … mangke onten kurban ….”

“O …, ngono ta? Nanging yen nggawa kurban yen aku trima ora.”

“Yen mrika sarate mbeta jago ules jene.”

“Kowe ngerti pernahe Gunung Mbalak?”

Rumangsane Gonteng, Lik Pawiro arep melu njupuk mrana.

“Yen pernahe, terus terang kula mboten ngertos. Ning, nek Lik Pawiro serius, mangke kula padoske keterangan.”

“Semprul kowe Teng …, geneya kowe ora ngerti! Olehmu crita kaya iya-iya-a.”

Bareng wis tutug nggone padha obrol-obrolan, Gonteng banjur pamitan mulih. Jroning ati Lik Pawiro gremengan. Jane mono kuwi temenan apa ora ta? Wong golek pesugihan teka bisa banjur sugih? Kok olehe mayir …. Kabeh kuwa rak saka perjuangane. Aku ora mudheng. Nanging jare sing menyang Gunung Kemukus kae pancen ngono. Mung carane sing beda. Ing kana jalu lan estri padha ‘kumpul’ banjur prajanji, lamun mbesuk salah siji mulya dhisik, iku kang bakal nyembadani uripe.

Pancen yen dinalar kepriye nalare, ora bakal ketemu nalar. Pancen ora sah dinalar. Pokoke percaya. Jalaran saka kapercayan mau bakal nuwuhake kaelokan. Nanging sing takgumuni kuwi Gonteng kok bisa-bisane kandha yen Gunung Mbalak iku papan kanggo golek pesugihan. Sangertiku kana kuwi nggone wong ahli kanoragan. Jaman biyen saben brandhal, maling, kecu lan sapunggalane padha meguru mrana. Tembung Mbalak kuwi saka rong tembung, yakuwi gombal lan galak. Sanajan nggombal, kere, nanging galak! Jalaran duwe piyandel. Dadi dudu papan kanggo golek pesugihan. Gonteng kuwi ngawur tenan.

Kabegjane Mariadi ora mung kuwi wae—bisa dadi wong sugih— sabanjure dheweke entuk kapercayan mimpin rakyat padesan kono. Sadurunge entuk kapercayan dadi Kepala Desa, dheweke entuk firasat aneh. Diweruhi pitik jago sing ulese kuning. Kalasemana, senajan Mariadi wis dadi wong sugih, nanging dheweke tetep prasaja. Tangkep karo sapa

wae becik. Mangka wong kuwi saka ora duwe, banjur duwe sethithik

136

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010