Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/150

Kaca iki wis divalidasi

wae banjur malih srengat. Omonge gedhi-gedhi, suwarane cumengkleng nuduhake kuwanene. Nanging Mariadi ora. Mariadi sing wis dadi wong sugih banjur bisa ngrasakake kamuktene. Saben sore ing teras omahe nglaras nonton sesawangan ing platarane sing asri. Menawa wis ngarepke surup lagi mlebu ngomah. Kuwi meh ajeg saben sore. Sawijining dina, nganti kenthong Maghrib Mariadi isih ana ing teras, mbokmanawa ketungkul ‘nggone ndudut rasa’ ora ngerti saka ngendi tekane, ana jago ules kuning saba kono. Mesthi wae dheweke gumun.

“Lho iki jagone sapa?” pitakone dhewe, “Wayah mengkene isih ana jago saba.”

Jago ules kuning mau apik banget. Dening Mariadi banjur diparani. Nanging kocapa, bareng arep diparani …, jago mau wis ilang. Mariadi gumun. “Apa jago? Nanging cetha mentas ana jago saba mrene. Apa pitik siluman?” Bareng cetha yen wis ora ana. Mariadi banjur mlebu ngomah. Nganti sawatara jago ules kuning mau isih ngetok-etoki. Sawise kadadeyan kuwi, nalika Mariadi dolan menyang Malioboro weruh hiasan jago saka porselin, persis jago sing diweruhi. Merga sengsem, barang mau banjur dituku. Barang mau dadi pajangan ana ruang tamu. Pitik jago mau sing dianggo siu Goteng, yen Mariadi golek pesugihan nganggo jago ules kuning.

Nalika arep ana pilihan Kades, dheweke sithik-sithika ora duwe niat arep nyalonke. Kajaba ora duwe karep, rumangsa yen ora duwe bekal kanggo mimpin masyarakat.

Dumadakan …, pikirane mak nyut! Kelingan marang jago sing mendha-mendha ing plataran. Iku mau dianggep pralambang dening Mariadi. Mula dheweke banjur njago. Mariadi nyalonke, wusana menang. Bareng wis dadi Kades, nyatane bisa mimpin kanthi becik. Kepemimpinane becik nganti ora ana gejolak ing masyarakat. Meh kabeh warga sayuk lan nyengkuyung marang Mariadi.

Awan kuwi kantor Kades katon sepi. Mung kari karyawan telu kalebu Gonteng. Gonteng saiki katon gagah nganggo sragam dril, Saiki katon enom maneh. Polatane sumringah, ngedhep meja kerjane lagi maca koran. Bareng weruh Lik Pawiro metu saka ruang Kades, banjur menyat.

Pitakone, “Empun, Lik …?”

Saure Lik Pawiro, “Wis …, kowe ditimbali Pak Kades.”

Alon-alon Gonteng mlebu ruangane Pak Kades. Ore let suwe banjur metu. Banjur nata map-map karo ngunci laci mejane.

“Ajeng ndherekke Pak Kades takziyah ….”

Mariadi metu saka ruang kerjane menehi isyarat Gonteng. Gonteng tanggap banjur ngiringke budhale Pak Kades.

Saiki Gonteng melu kamuktene Mariadi. Jalaran bareng mariadi dadi Kades, Gonteng diusulake Kaur Pemerintahan sing kosong.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

137