Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/152

Kaca iki wis divalidasi
WARUNG Andhika R.

Yen takrasakke ing wektu krismon kaya saiki iki kok dha waniwanine udhu modhal kanggo mbukak usaha warung, mbuh modhal kuwi saka olehe ngudhunake kredhit ing bank, nyebrak tanggane, apa ndhudhah tabungane dhewe. Anggone ngedegake warung ora tanggung-tanggung. Angger ana lemah sela ing pinggir dalan dha cepet-cepetan tuku banjur diedegi warung. Warunge digawe apik sisan, prabote pepak. Yen perlu platarane warung digawe jembar supaya kena kanggo parkir dendharaan. Kanggone sing modhale cupet trima ngedegake warung ing emper omahe dhewe utawa ngedegake warung-warung tendha ing trotoar, emper-emper toko, ing prapatan dalan lan ing papan rame liyane.

Kadhang kala aku sok mikir, apa warung-warung sing padha ngrembaka pindha jamur ing mangsa udan kuwi bisa laris ing kahanan sing sarwa angel iki? Mesthine wong-wong dha ngirit pametune, ora kaya biyen mung angger tetuku. Sabisa-bisane mangan ing omah, ora perlu jajan. Apa maneh reregan bahan pangan saiki saya larang. Mesthine tarip panganan ing warung uga mundhak. Gampangane, yen biyen jajan ing warung nggawa dhuwit Rp2.000,00 wis entuk sega rames sapiring, es teh sagelas, tempe bacem sairis, lan rokok sealer. Saiki dhuwit samono entuk apa? Paling-paling es teh sagelas karo jajanan.

Yen biyen ana warung sing diarani ‘murah-meriah’, saiki warung sing kaya ngono angel ditemokake. Upama ana, sing arep dianggo murah-murahan apa? Wong apa-apa larang. Ana warung sing biyene ajeg masang tarip panganan, saiki taripe dikosongi, awit regane sawektu-wektu bisa ganti manut reregan bahan pangan ing pasar. Ana warung sing sepi, arang sing tuku. Mbokmanawa rega panganan ing warunge rada ‘medeni’ dhompet banjur sing arep tuku mrono awang-awangen awit dhuwite ngepas. Saiki apa ta panganan sing murah?

Ing desaku, sadurunge ana krismon, cacahe warung kena dietung driji lan gampang diapali. Upamane warung sega rames “Mbokdhe sami”

sing ngadeg ing sandhing KUD, warung “Mulyareja” sing kondhang jalaran soto ayame, utawa warung lotek “Mbak Sarjiyah” sing ngangeni.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

139