Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/157

Kaca iki wis divalidasi

nglairake wae kok ndadak dilebokake rumah sakit. Klinik bidhan sing murah wae ting tlecek kok milih rumah sakit. Bareng diadhang ragad lagi klabakan.

Den Ayu Sosro ora gelem ngerti yen mantune olehe babaran kangelan, bidhan sing gawene mriksa wis angkat tangan. Ngono isih tegel ndeleng anake kekintrang golek ragad, puguh ora gelem nyilihi dhuwit, semelang yen ora bali. Sapa wae sing krungu kabar ilange liontin lan wusanane ngerti sapa sing njupuk malah padha nggleges, nyenges.

Den Ayu Sosro kebacut ndakwa Zaitun. Mantune kuwi lara ati, njur purik mulih neng omahe wong tuwane. Satriya, kangmase cer Sasongko, kepeksa nututi neng nggone maratuwane. Mesthi wae karo nggawa sangu wirang marang tumindake ibune. Kanthi prasaja Satriyo kang nyuwunake pangapura ibune marang maratuwane sakloron yen nganti lara ati anake didakwa nyolong liontin.

“Senajan mlarat, anakku takgegulang piwulang agama. Bandha donya ora bakal mblerengi atine Zaitun!” ujare Pak Soleh marang mantune. “Kanggo sawetara Zaitun kareben ana kene, mengko yen wis lerem atine, takkone mulih mrana. Ning, ya kuwi, sarate yen ibumu gelem ngakoni luput lan njaluk pangapura marang Zaitun!”

Satriyo legeg. Panjaluke maratuwane iku wajar, nanging krasa mewah tumrap dheweke. Apa ya mungkin gelem ibune ndhadha kaluputane lan njaluk pangapura marang Zaitun? Satriyo ora wani njamin bab iku ngelingi sifate ibune. Nanging dheweke uga ngerti aten-atenane bojone, yen rumangsa bener dheweke suthik yen kon ngalah. Apa maneh pandakwane ibune iki banget nglarakake atine Zaitun. Lara ati iki ora bakal bisa mari mesthi angel marine. Mbokmanawa butuh wektu mataun-taun, kanggo nglalelake bab iku. Kejaba yen Zaitun masrahake sakabehing panandhang mau ana asta-Ne, ikhlas nampa pacoban lan ujian mau.

Satriyo mumet, ora ngerti apa kang kudu ditindakake. Kanthi nggawa ati sengkleh dheweke bali mulih neng kutha. Tekan ngomah langsung njujug kamar, ngembrugake awake neng dhipan kang kara anyep, sepi.

“Yok …, Yoyok …, maem dhisik, mengko ditutugake olehe turu!” Den Ayu Sosro ndhodhogi lawange Satriyo.

Ora ana wangsulan saka njero kamar kang isih peteng iku.

“Yookk …!” Den Ayu Sosro ngambali pangundange, rada sentak.

Kanthi kapeksa Satriyo mbukakake lawang. Senajan terkadhang ana rasa jengkel marang tumindake ibune kang dirasa kebangeten, nanging Satriyo isih tetep nyoba ngurmati Biyunge iku. Wanita ningrat iku tansah kepengin diturut kabeh karepe, menangan dhewe. Satriyo mung monatmanut wae nalika ibune dhawuh supaya dheweke lan bojone ora nyewa

omah jalaran omah kono kliwat gedhe yen mung dinggoni telu utawa

144

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010