Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/162

Kaca iki wis divalidasi

Pak Sholeh sing rumangsa diundhamana atine lara. Mula dina iku uga ninggalake mahe Pak Benawa sing wis udakara sepuluh taun dienggoni. Brug! Bojone Narto lan Bu Sholeh lan anake wedok loro dumadakan njerit lan nubruk Bu Ruminah sing ngerti-ngerti ambruk ora eling purwaduksina. “Padha minggir iki dudu urusanmu!” panggetake Pak Benawa sora, ndadekake tangga kiwa tengene wiwit mara ngrubung. Pak Sholeh sida budhal bebarengan anak bojone ditulungi saperangan warga desa sing padha nandukake rasa welas. Dene liyane padha ngurusi Bu Ruminah, merga Pak Benawa mug mentheleng ora aweh pitulungan. Rong minggu candhake Narto melu oncat saka omah kuwi, beteke krungu swara sing nglara ati. Timbang kedawa-dawa aluwung ngalah nglungani. Kanthi pawitan tekad sing kenceng nedya mandhiri. Ngiras pantes omahe wong tuwane ben diwarisi anake wedok. Ana unen-unn wong tuwa, jare yen anak wedok kuwi bakale luwih cedhak karo wong tuwa, bisa mndhem jero mikul dhuwur. Ora ana luh tumetes, kejaba mung luhe Bu Ruminah nalika Narto lan anak bojone pamit urip neng papan liya. Narto krasa, luh wanita kuwi dudu luh sabaene, nanging luh kang tumetes saka tresna asih kang suci. Prasasat bandha-bandhu sadonya iki ora bakal ana tandhinge yen kabobot timbang karo luh kang tumetes saka socane Bu Ruminah. Pandugane Pak Benawa kleru. Yen si Kumba lan Nita manunggal dadi saomah bakal ndayani urip kang tentrem, nanging nyatane ora. Antarane Pak Benawa, Nita lan mantune padha atose yen nduweni panemu, wusana sedhela-sedhela mung krungu wong padudon. Sing ora kuwat ngampah Bu Ruminah, rumangsa kulawargane ora tentrem beteke padha rebut bener. Nganti Bu Ruminah nandhang gerah saking ora kuwat ngampet panandhange ati. Pungkasane sapa sing gelem nunggu neng rumah sakit, dudu sapa-sapa jebul keluwargane Pak Sholeh sing wis rumangsa kepotangan budi. Klebu Narto sing kala-kala nyambangi yen dhong prei. Nita lan bojone sajak ora nggape, kepara ninggalake omah sadurunge Bu Ruminah gerah. Rong taun gumilir wektu kanthi ngampet ati rengka. Omah sing magrong-magrong kuwi sepa. Theg kliwere wong padha nyisih. Adoh sungsate nalika Narto isih mapan neng kono. Prasasat saben wong, tuwaanom gilir gumanti padha srawung ngrakedake paseduluran. Nanging saiki? Yen ana sing liwat, ora ana sing sapa aruh. Mangka lawange menga, jobine sajak ngelak guyu lan crita sing nggawa ati mulya. Bakda Isak omah kuwi krasa sepi. Pak Benawa sajak ayem wae

nadyan anake ora ana sing katon irunge. Beda karo Bu Ruminah, jejere

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

149