Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/163

Kaca iki wis divalidasi

ibu atine tumus tekan pulung ati. Rasa kangen kang banget dianti. Dideleng wae, Pak Benawa jam wolu wis sare ngorok, ewadene Bu Ruminah isih lungguhan ijen neng njaba nyawang wong-wong sing padha gembrudug golek angin. Sajak lagi padha silaturahmi. Atine krasa ewa.

Jam sepuluh bengi Bu Ruminah gragapan anggone liyer-liyer nalika ana montor ceri mandheg neng ngarep omah. Age-age metu sadurunge tamu iku uluk salam. Jebul sing teka Pak Sholeh saanak bojone lan Narto saanak bojone. Kaya ketiban ndaru rasane, mbaka siji diambungi, nganti ora krasa luhe tumetes.

Telung dina keluwargane Pak Sholeh lan Narto mapan neng kono. Krasa omah kuwi mesem nuwuhake ati kang begja. Nanging Bu Ruminah isih krasa gela dene Nita lan bojone ora katon irunge. Ah, kok ya tegel temen, ing atase anak wedok ngrerujit atine ibu.

Sing dienteni sajak ora teka nadyan wus limang dina. Bu Ruminah wis gembleng atine, bakal nemoni Nita ing kos-kosane. Dina kuwi bakal digoleki nganti ketemu. Bu Ruminah wis kukuh, nadyan anak degsiya, dheweke wis lila upama tekan kana atine digawe rengka.

Sing padha teka saking trenyuhe melu padha netesake luh. Kabeh isa ngrasakake sepira rengka atine Bu Ruminah minangka ibu dene tresnane kang tulus ora diregani anak. Pak Sholeh lan Narto sing wis kepotangan budi bakal minangkani apa sing dikersakake Bu Ruminah. Eman, Pak Benawa ora tanggap anane ati rengka, nadyan wis kliwatan riyaya.

Djaka Lodang, No. 30, Th. XXXI, 22 Desember 2001

150

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010