Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/166

Kaca iki wis divalidasi

“Ing sela-selaning nyambut gawe, dakperlokake menyang Madukara, aku diter kancaku. Dikenalake karo ronggeng sing ayu tur prasaja. Umume ronggeng rak bengesane kandel, pupurane kandel ta, Mas, iku ora. Jenenge Sawitri. Wah simpel bocahe, kira-kira umur selawe taun. Bapak ibune petani kenthang. Aku omong yen sesasi engkas arep nikah, ning aku kepenging sinau dhisik karo ronggeng, dheweke sedhiya. Banjur takon pegaweyanku apa. Penghasilanku sesasi pira, takwangsuli—sanajan rada ngapusi—beteke ya etung-etung, mengko sing kanggo ngomah pira? Wiwit dina iku aku kos ana omahe.” “Saben tanggal enom aku asok dhuwit. Oh ya, sadurunge aku nikiah siri dhisik, ngadhep Kiai Ngadenan, ana desa kono. Sawitri muni—jare ora susah kok Mas—” Ning amuni—aja nyimpang saka aturane agama Dhik—. Dheweke mandeng aku mentheleng. Wiwit iku dheweke ora tau metu bengi nayub. Dheweke muni—aku kudu dadi bojo sing apik—”, Fadloli banjur unjal ambegan landhung banjur nerusake. “Goblogku, Mas, aku kok crita nek duwe perusahaan mbako ing Kreteg barang. Aku ya crita yen omahku Kudus, Mbatan barang. Aku wong loro wis persis kaya wong bebojoan. Tangga teparo ya nggonjaki— wah rukun ya?—Seminggu sepisan aku teka, diwuruki sesambungan lanang-wedok, yen kepengin ora duwe anak, yen kepengin duwe anak, lanang apa wadon, pinter temen Sawitri iki. Dheweke malah ngedohi wong lanang-lanang liya. –Aku tresna banget marang Mas Fadloli, jarene sawijining bengi, aku emoh pisah karo panjenengan. Lho, janjine rak mung rong sasi ta, Dhik, iki rak mung sinau. Sawitri sajak gela, nuli muni—lagi iki Mas, aku ketarik karo priya muridku, kejaba panjenengan gantheng, ya wis pinter, edan ..., ya mung panjenengan gegantilaning atiku, rinawengi mung panjenengan sing ana mataku. Saben dina menawa panjenengan kondur Kreteg, aku kangen, ora kaya yen karo priya liya—” Blaik bisiking atiku. “Tenan bareng aku bali neng Kudus, dheweke niliki, dheweke kaget bareng sumurup aku wis nikah lan duwe anak barang. Aku diajak minggir nalika bojoku mlebu omah—edan tenan Mas kowe, kok tegel-tegele— Dheweke nangis, tangis tenan, dudu tangise kethoprak. Aku mangsuli, kepriye ta Dhik, iki rak mung ethok-ethokan. Saya kamisesegen, banjur muni, ya iki Mas risikone profesi kaya aku. “Ya wis, kepriye wae, sepira gehdene tresnaku marang panenengan, aku ikhlas. Pancen aku sing salah,” kandhane. Sawitri mulih, mbokmanawa iki patemon sing pungkasn sawise wadiku kewiyak. Batinku, ya iki ringkihe nikah siri, yen pisahan ora nganggo risiko apa-apa. Saka kadohan dheweke bali kledhang-kledhang sajak semplah kae.

Aku ndonga muga aja ana lelakon ala. Anggone mlaku, pawakane, wah

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

153