Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/167

Kaca iki wis divalidasi

tansah nglela ing mripatku, prawan Madukara. Sok-sok aku kepengin tilik mrana maneh, ning melas Sawitri. Sok ana pitakonan ing atiku, saiki si Sawitri lagi apa?” rampung semono ripate Fadloli kembeng-kembeng. “Geneya ora kok wayuh wae?” pitkonku. “Ah panjenengan, wadon ngendi sing gelem diwayuh? Lha wong Siti Aisyah nalika diwayuh, upama ngrangkul wit gedhang wite bakal gosong,” kandhane maneh “aku welas bojoku lan anakku. Awit anak iku inventasi sing paling aji inguripku.” “Kok waras kowe,” wong loro banjur ngguyu.

Djaka Lodang, No. 34, Th. XXXI, 19 Januari 2002

154

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010