Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/168

Kaca iki wis divalidasi
OMAH PINGGIR DALAN Wasidi

Omah gedhong pinggir dalan iku katon sepi, malah tangga teparo sing padha liwat ngarepe wae sajak jijik. Upamane kapeksa noleh banjur cepet mengo nyawang panggonan liya. Masarakat kiwa tengene kaya padha sepakat ngucilake marang kulawarga omah iku. Ora mikir menawa sejatine ora kabeh duwe watak ala, naning sing jenenge massa kadhang kala gawe keputusan secara sepihak, embuh kuwi bener apa luput utawa becik lan orane. Malah ana sing kapeksa melu anut grubyug mundhak dikira ora umum. Saka pinggir dalan ngiringan omah mau ana wong loro padha jejagongan bisik-bisik, sinambi momong. “Wong kok tegele kaya ngono ta. Jare karo mantune dhewe lha kok... wah!” guneme Nah marang kancane. “Weh, karang ya wong sugih kok ya, Nah ....” sambunge Jum karo nggendhong anake. “Njur apa ta alesane? Karo maneh Tutik kuwi digawe ngono kok ya manut wae. Nek cara aku klakon takpledhingi tenan yen mara tuwaku patrape ngono.” “Jajal, saiki kana pledhingana mara tuwamu!” prentahe Jum sajak ngece njajagi kuwanene mitrane iku. Nah klecutan, dheweke krasa yen sejatine ora wani karo mara tuwane dhewe. Nanging embuh saking gethinge karo Bu Salamah merga nundhung mantune, apa supaya katon yen ora kena disewenang-wenang. Menawa ndeleng saka watak saben dinane mbok menawa Nah nduwe rasa mesakake banget marang Tutik awit dheweke asring jejagongan, ngobrol sinambi pepetan golek tuma. Banjur saiki Nah kelangan pasangan ngrumpi. Durung nganti mangsuli, kesusu guneme Jum karo nyenggol tangane. “Ayo ...! Wani apa ora?” “Ha yen mara tuwaku iku sayang banget ki. Apa maneh karo Wawan iki.” ngono kandhane karo ngeplek-eplek bokonge anake. “Ainyaak ... padune!”

“Padune apa?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

155