Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/169

Kaca iki wis divalidasi

“Padune ra wani, hiii ....” Jum nyekikik.

Wong loro nuli pating gleges, kaya maling oleh incon banjur pating klesik. Jum tuding-tuding marang omah pinggir dalan iku, njawil kancane. Sing dijawil thingak-thinguk merga panyawange kalingan godhong teh-tehan sing ngrembuyung ngarep dalan. “Sst ..., ana apa?” suwarane Nah mh ora krungu.

“Kae Salamah metu.”

“Ngerti pa yen dirasani?”

“Embuh!” tembunge Jum cekak.

Wong loro banjur nggleser, lunga ngancas dhewe-dhewe.

Kabar lungane Tutik saya suwe sumebar sadesa, kapara ana kang nyipati nalika randha kembang iku dipethuk wong tuwane sakloron. Lakuane ngalor kedhingklangan, senajan genep nanging sikile sijine ora fungsi. Pancen wiwit lair dheweke nandhang cacat. Sawijining wengi kang atis, yaiku wengi kang pungkasan kanggone Tutik manggon ing omah gedhong magrong iku dheweke lungguh kasur sing biasane kanggo glethakan Herlambang, kakunge sing saiki wis turu ana papan kang langgeng seminggu kapungkur. Banjur saiki mung bisa nyawang langit kamar kang ireng kaya wewayangan sandhangan kang gumantung pating grandhul ora tumata, nambahi atine kelingan marang priya kang ditresnani banget, nggrantes.

Angin tumiyub saka sela-selaning gedhah cendhela ngobahake hanger kaya ngawe dheweke, mungguh bisa tata jalma nawakake pamrayoga ..., “melua bojomu tinimbang uripmu susah!” Ora krasa luhe dleweran nelesi pipine.

Saka njaban kamar krungu jumangkahe sikil, Tutik gage ngusap eluhe. Lawang gumerit, Bu Salamah ngadeg nggejejer ing ngarep lawang, wong wadon tambun iku mentheleng.

“E ... eee ....! Malah nangis barang. Ouw, ben aku welas marang kowe ngono? Ora! Sebab kowe ora setiti ngopeni anakku lanang temah nganti mati ora ketulungan. Iki merga kowe lamur, ora open. Huuh!”

Tutik ora semaur, senajan atine kroncalan ora trima nangis nanging isih kuwat ngendhaleni wusana ora kawetu ing lathi. Tembunge Bu Salamah kaya hawa panas kang nampeg raine, kupinge semruwung ngingking.

“Wis ngene, saiki siapna kabeh barangmu. Wiwit sesuk esuk kowe kudu lunga saka kene. Terserah arep menyang ngendi. Bali nyang wong tuwamu apa neng rehabilitasi maneh dudu urusanku. Kowe wis dudu mantuku maneh!” Salamah kandha karo mencereng wengis pindha nyipati singgat betatung. Sing dipandeng ora wani ngewasake mung ndhungkluk, tangane geter wel-welan ....

“Kuk ... kula mbot ... mboten gadhah menapa-menapa Bu, kula dhateng mriki namung ngangge sandhangan ingkang kula engge ...,” tem-

156

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010