Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/170

Kaca iki wis divalidasi

bunge Tutik ora bisa diterusake, gulune kaya kesumpelan watu sakepel semumpel. Kanthi pedhot-pedhot banjur matur, “kula ba ... badhe wangsul kados kula rikala dhateng.” Brol! Watu iku ambrol bebarengan karo tangise sing mecah wengi. Raine diblusukake kasur ngguguk kaya bocah cilik direbut dolanane.

“Iya pancen apik yen ngono. Pancen barang sing neng kamar iki duwekku. Tak tuku kanggo Herlambang, dudu kowe. Sokur yen kowe ngerti ...!”

“Inggih, Bu.”

“Tur maneh ora bakal takwenehake sapa-sapa. Sandhangan lan barang liyane bakal taksimpen. Takgawe pengeling-eling, yoben!”

Tutik nggetuni nasibe, wiwit isih cilik durung nate urip kepenak jalaran wong tuwane wae kalebu wong ora duwe. Senajan sesawah nanging mung buruh nggarap, yen mangsane panen melu derep nanging maro. Iku wae yen dhong kasile apik, tegese ora ketrajang ama. Biyen tau sawah sing digarap blas ora panen babar pisan merga keserang ama tikus. Bareng saiki mono rekane gelem dipek rabi, jroning ati duwe panggraita mbok menawa bisa ngrubah uripe. Herlambang iku anake wong sugih tur gantheng senajan lara lumpuh. Tutik nggagas lara kaya ngono kuwi kanggone jaman saiki mesthi bisa diusadani sebab kemajuan teknologi bisa diandhalake, apa maneh Bu Salamah duwe ragat kanggo iku. Mula nalika Pak Widagdo nglamar dheweke banjur saguh lan gelem.

Tetepungane karo Herlambang wis sawetara wektu nalika dheweke padha mapan ing Pusat Rehabilitasi. Ing kana rasane seneng, kancane akeh lan sing baku entuk pendhidhikan ketrampilan. Tutik kerep menehi kawigaten kanggo Herlambang kala-kala dheweke metu saka panti golek jajanan kanggo wong loro.

Dene kanggone Herlambang, Tutik wis dadi karibe kang luwih tinimbang kanca liyane. Rupane manis, wicarane alus lan gemati. Merga srawunge kang raket iku, kekarone banjur tuwuh rasa seneng sabanjure klakon ijab resmi. Mung emane anggone bebrayan durung kepareng momong anak, nyatane senajan wis lumaku taunan, dheweke durung ana tandha menawa isi. Nanging Gusti kagungan kersa kang luwih apik senajan ora padha karo kekarepane, ngono panyapihe.

Tutik njenggirat nalika pundhake krasa didemek tangan, nalika noleh jebul Pak Wid wis ana mburine. Kecipuhan dheweke nalika ngerti wong tuwa iku lungguh ana ngarepe.

“Oh, Bapak ..., damel kula kaget,” kandhane ndhungkluk.

“Hiya. Durung turu ta?”

“Dereng Pak, niki wau saking pundi kok kula mboten ngertos?”

“Hoahpsh ..., saka ngepos, rekane mono arep nliti lawang-lawang,

lha kok lawangmu isih padhang tur menga. Aku terus mlebu iki weruh

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

157