Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/173

Kaca iki wis divalidasi

trenyuh weruh simboke kang rumangsa isin amarga dheweke ora tuku barang-barang kang mbejaji tumrap wong tuwane kaya kang dituku Bejo. Nanging kepriye maneh, tekad atine wis kenceng. Dheweke arep mandhiri mbukak usaha mebel. Dhewke emoh bali kerja neng Malaysia lan emoh salawase urip mung dadi buruh apa maneh direh neng negarane wong liya.

Dina Rebo Kliwon, ngepasi dina wetone, Prasojo miwiti usahane gawe mebel. Tangga-tanggane akeh sing paha komentar sajak ngece lan ngepal, manawa usahane Prasojo bakale amung saumur jagung. Nanging kabeh mau ora bakal ngendhokake tekade, malah ngundhakake semangate kanggo mbuktekake manawa dheweke bisa dadi wong kang sukses ing desane.

Amarga dheweke rumangsa duwe modhal kang cukup saka hasile merantau ing Malaysia. Apa maneh sadurunge kerja merantau ing Malaysia dheweke nate buruh nukang kayu melu Pak Kusumo, juragan mebel ing kutha. Dadi dheweke wis prigel babagan gawe meja, kursi, lemari, lan mebel-mebel liyane.

Dhasar yen lagi kepulungan ati, mebel gaweyane Prasojo kang sepisan awujud lemari pakaian cacahe telu, meja kursi cacahe limang set sing dititpake neng toko mebel Sarwo Peni, kagungane Pak Sabrani ing kutha wis payu kabeh sajroning seminggu. Malah wis ana sepuluh piyayi kang antri pesen liwat Pak Sabrani. Ora maido yen akeh piyayi kang kesengsem karo mebel gaweyane Prasojo. Amarga garapane alus, kayune kayu jati tuwa, lan modhele peni cekli prasasat durung ana sing madhani, apa maneh regane miring tinimbang mebel-mebel gaweyane wong liya.

Sangsaya suwe usahane Prasojo sangsaya maju. Dheweke wis ora keconggah maneh ngladeni pesenan kanthi tenagane dhewe. Mula terus nglumpukake tangga teparo kang duwe minat kerja melu dheweke. Sing wis duwe kepinteran nukang kayu terus dipercaya gawe mebel kang modhele wis dirancang Prasojo. Dene kang durung duwe kapinteran nukang kayu, kaya ibu-ibu lan mudha-mudhi kang putus sekolah didadekake tukang amplas lan mlitur. Malah Bejo, kanca akrabe uga melu kerja marang dheweke.

Wektu nembung kerja Bejo nangis sesenggukan rumangsa kleru ngecakake dhuwit hasile kerja merantau ing Malaysia. Dhuwit kang cacahe meh telung puluh yuta entek ludhes. Barang-barang kang dituku saiki malah akeh sing wis padha rusak. Prasojo amung bisa ngucap lan nuturi, "Wis Jo...., sing kebacut ya wis ben. Lelakonmu kuwi aja nganti dibaleni maneh. Yen saiki kowe arep nyambut gawe ing kene, tak tampa kanthi senenging ati. Kowe kuwi wis tak anggep sedulur dhewe."

160

Cerita Pendek Jasur Yogyakarta Periode 2000-2010