Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/174

Kaca iki wis divalidasi

Kodrat wektu terus lumaku kaya padatane. Dina ganti dina, minggu ganti minggu, lan sasi ganti sasi kaya ora krasa. Ngerti-ngerti usahane Prasojo genep setaun. Wiwit sasi ngarep dheweke arep njajagi pasar luar negeri neng Malaysia. Amarga neng negara Malaysia ana pengusaha kang kesengsem marang mebel-mebel gaweyane Prasojo lan kerep nyambut gawe bebarengan. Ora liya pengusaha kuwi bekas majikane wektu Prasojo kerja neng Malaysia.

Majune usahane Prasojo mesthi wae bisa ngowahi uripe Prasojo lan bapak-ibune. Malah-malah bisa nyiprat marang tangga teparone. Paribasan Prasojo saiki dadi juragan mebel kang sugih mblegedhu sakecamatan, malah mbokmanawa sakabupaten. Omahe magrong-magrong tingkat loro. Paribasane mlakune Prasojo ora nganggo sikil amargo ngalor-ngidul yen lelungan diterake sopir numpak sedhan alus. Sing nambahi mongkoging atine bapak-ibune, malah minggu kang kepungkur dheweke wis ninggalake urip bebujangan, nambut silaning akrami, entuk putrine wong ora baen-aen.

Ajeng Setyorini arane, putrine Pak Camat. Nyumurupi kahanan anake kang sarwa kecukupan mengkono kuwi Bu Sastro lan Pak Sastro rumangsa bombong atine. Ora lali dheweke ngaturake puji syukur marang Gusti Allah kang paring kanugrahan kang tanpa upama marang anake.

Wengi kuwi Bu Sastro lagi mriksani VCD kang muter Kethoprak kanthi lakon Bawang Putih Bawang Merah. Dene Pak Sastro isih kenduren ing daleme Pak Lurah.

Guyune Bu Sastro sing kepingkel-pingkel nonton polahe dhagelane, narik kawigatene Prasojo lan bojone. Anak lan mantu iku melu ngancani Bu Sastro noton kethoprak, ngiras pantes ngenteni Pak Sastro kondur kendhuren.

Batine Prasojo ngucap, “Mendhung ireng kang leliwengan ing pasuryane Ibu, saiki wis sirna kena angin. Saiki wis jumedhul rembulan kang ndhadhari.”

Djaka Lodang, No. 38, Th. XXXI, 16 Februari 2002

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

161