Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/175

Kaca iki wis divalidasi
MENDHDUNG SUMILAK Hamdani M.W.

Surti njenggirat. Lawang ngarep njedher sora. Pirang dhetik sabanjure dheweke lagi bisa nata ati. Lan banjur sadhar menawa kahanan kaya ngono mau meh saben dina dirungu lan dilami. Bojone teka kanthi mripat abang lan nggembol ulat peteng. Neng ngomah turu senggar-senggor tanpa nggagas kiwa tengen. Yen tangi, lunga maneh kanthi nggawa barang-barang pengaji, didol kanggo nambah butuh main. Ora pisanpindho, meh saben dina.

Wis kaping pira wae Surti anggone ngelingake Kabluk, bojone kuwi. Nanging ora ana owahe babar pisan. Omah tinggalane wong tuwa sing maune pepak barang pengaji, saiki meh kothong mlomplong. Ora kawistara, mbaka sithik barang-barang mau musna tanpa wujud maneh. Didol kanggo ngabotohan.

Bubar njedherake lawang, Kabluk nyedhaki meja makan. Krodhong dibukak, mung ana cething isi sega anyep. Jangan mung kari duduh, lawuh mung ana krupuk.

“Wong wedok ora ngerti kuwajiban!” ujare gemremeng.

“Gelem niku, mboten gelem nggih empun,” tembung iku diculake sing wedok entheng, nanging kanthi alus.

Yen dhek dhisik, Surti ora wani sing jenenge aweh clathu marang bojone, sebab ular-ular saka wong tuwa isih cumanthel kenceng. Dene wong wedok iku ora kena ndhisiki sing lanang. Wong wedok iku gaweyne neng pawon, olah-olah, umbah-umbah, lan ... mlumah. Wong wedok ora kena kojah. Ngono sing diugemi Surti.

Nanging kahanan saiki wis owah salaras perkembangan jaman. Kaya sing nembe dialami iku. Yen dhisik Surti nganggep wong lanang iku dadi cagak bale somah, kanggo pangayoman, saiki wis ora maneh. Sing tinemu, wong lanang, ya bojone iku, malah dadi pager mangan tanduran. Nggasak barang-barang ngomah, entek neng kalangan.

“Kaya ngono kok pengayoman?!” ujare Surti sawijining wektu, nyenges sing lanang.

162

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010