Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/176

Kaca iki wis divalidasi

Sing dicenges mbrabak abang lan muring dadakan. Tangane me-thangkrik, mencak-mencak.

“Wong wedok ra ngerti kepentingane wong lanang! Wong yen me-nang dibanga,” kanthi njedherke lawang. Surti kamitenggengen ngampet muntab. Yen pas perang gedhe ngono, Sisri, anake wedok mbarep, nlesep neng njero kamar. Sedhih, lan banjur mingseg-mingseg. Kabeh mau cetha wela-wela gumelar ing ngarepe.

Kabeh kadadeyan mau wis kacathet lan nandhes ing ati lan pikirane bocah sing isih polos mau.

****

Tengah wengi nalika nglilir, Sisri krungu emake nangis mingsegmingseg, neng njero kamar. Kanthi alon-alon, dheweke metu saka kamare lan banjur nyaketi kamare emake. Adhi-adhine wis padha turu kabeh kawit mau sore. Mbokmenawa kekeselen le padha dolanan mau awan. Sanadyan nyawang meh saben dina, mesthi wae adhi-adhine durung mudheng marang kahanan mau. Sing ana mung seneng lan seneng.

Suwalike Sisri, tansah ora jenjem. Pikirane mobah-musik. Bapake sing seneng main, ora omah, lan asring mara tangan marang emake, tansah munculake pitakonan-pitakonan tumrap bocah cilik mau. Alon-alon kamar dibukak. Katon emake mengkurep mingseg-mingseg ngekep bantal. Wis bisa dipesthekake, bapake ora bali mengko bengi.

“Mak, Emak kok nangis?”

Surti kaget, kandheg olehe mingseg-mingseg. Tangane sraweyan anggone arep ngulapi iluh sing nelesi pipine.

“Lho, ah, kok urung turu, Ndhuk?” takone karo tangane isih ngulapi iluh, “Ayo ndah turu, sesuk sekolah.”

Sisri meneng, nyawang emake.

“Dinakali Bapak ya, Mak?”

“O ... ora. Bapak ora nakal, Ndhuk,” Surti gragapan anggone mangsuli pitakone anake wadon mau.

“Kok, Emak nangis. Emak lagi ...,” tembunge kecandhet.

Pikirane buntu, dhadhane seseg.

“Wis, wis, Ndhuk. Saiki Sisri bubuk. Ayo takkancani.”

Sisri banjur dituntu menyang kamare. Bocah cilik mau mung meneng. Nanging batine bocah sing isih polos mau njola. Sirahe kebak pitakonan ngenani kahanan kang gumelar saben dina neng ngarepe.

Nganti wengi Sisri tetep ora bisa turu. Pikirane nglambrang, ngleyang ngangkasa.

****

Sore iku, Sisri lagi nggarap PR neng ruwang tengah. Ing cedhake, emake lagi ndondomi kathoke adhi-adhine sing padha suwek. Swasana sepi, tintrim. Tanpa swara TV apa radhio. Aja maneh TV, radhio tuwa

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

163