Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/179

Kaca iki wis divalidasi
GENDHING NATAL PISAN JI IKI E. Suharjendra

Gendhing Natal ing miss suci tengah wengi, ing Greja Tyas Dalem Pugeran pisan ji iki, jan istimewa banget kanggone Dulngalim. Mbuh wis pirang puluh malah ping pirang atus Pak Dul ngrungu gendhing-gendhing greja, klebu gendhing Natal; klebu kerep-kerepe Pak Dul dhewe sing ngendhang, nggender, mbonang utawa nylenthem. Nanging lagi pisan ji iki Dulngalim ngrasakake saiba gendhing sing adi luhung mau rumasuk ing ati, nyawiji karo pangabdine konjuk Gusti Kang Akarya Jagad. Sebab lagi pisan ji iki Pak Dul sing wiwit sore mau jenenge dipurwakani santo pangayoman Fransiscus Xaverius, kepareng nampa Slira Dalem kang kapisanan. “Matur nuwun, matur nuwun, Gusti!” Ngono wola-wali atine Pak Dul matur konjuk Gusti. Kanthi gebak pangandel, kebak pangareparep, kebak rasa mongkok, kebak kabungahan.

Ing ratri, dalu adi, wus nendradoya sri,
Kang wungu mungbrayat mulya
sumujud ngadhep kang Putra,
Sare ing makanan, sare ing
makanan ....

Wiwit kidung pambuka Ing ratri laras Pelog pathet Nem keprungu, umat ngadeg ngurmati prosesi (arak-arakan), Dulngalim sekaliyan ngadeg kanthi kurmat lan kerasa-rasa banget ing ati. Kaya para babtisan anyar liyane, Bu Dul (Ny. Dulngalim) nganggo kebayak putih lan jarik trutum, lendhang krem mantesi. Pak Dul jarike uga truntum, kembar karo sisihane, surjane krem kaya lendhange sisihane, ikete uga truntum, nyawit karo jarike. Kerise gayaman, cocog karo dedeg-piyadege sing gedhe dhuwur. Bregasan gawe mongkog tenan. Miss suci Natal pancen pangibadah samuwa lan gembira.

“Matur nuwun konjuk Gusti lho Bu. Awake dhewe kepareng ndherek pahargyan agung kaya ngene!” Pak Dul ora kuwat ngampet, kudu bisikbisik nglairake pangajak iku marang Bu Dul.

166

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010