Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/182

Kaca iki wis divalidasi

Gusti kados Pak Petrus, kados Bu Petrus, kados anak kula Suryono lan Surtini, Pak!”

“Dados sngersakaken baptis?”

“Leres, Pak. Lajeng kados pundi caranipun? Yen kedah mawi ndhaftaraken mawi ngisi formulir, kula tiyang kalih ndhaftaraken wiwit dinten menika, Pak.”

“Inggih, mawi ndhaftaraken rumiyin, lajeng ndherek wucalan. Adatipun wucalanipun setaun. Nanging yen kangge Bapak lan Ibu Dulngalim, Rama Paroki temtu kagugan wawasan istimewa, mbokmenawi saged dipuncepetaken, sebab Rama sampun pitados bab kadiwasaning imanipun Bapak lan Ibu.”

“Iyak, menapa inggih? Mboten sah istimewa, ingkang biasa mawon, Pak. Ning menawi saking kersane Pak Petrus, lajeng Rama nakyogyani, temtu kemawon kula badhe matur nuwun sanget,” Pak Dul nglumuhi.

“Inggih. Ingkang baku sakmenika kula cathet rumiyin. Mangke lajeng kula tumunten matur Rama. Wah, Rama temtu badhe bingah sanget midhanget prentuling penggalihipun Pak Dul lan Ibu menika. Sampun asring dipun raosi lho, Pak. Malah kula nate dipundhawuhi nyuwun pirsa. Nanging nuwun sewu, kula ajrih, lajeng namung kula sembahyangaken supados Bapak lan Ibu lajeng kersa waleh ngendika piyambak. Lha kok sonten menika kelampahan. Wah, matur nuwun Gusti!” Pak Petrus banjur konjuk.

Pak Petrus banjur mbukak bloknot lan nyawisake bolpoin, yathet.

“Asmanipun, lan tanggal miyosipun Bapak?”

“Dulngalim. Nama baptis, kula sampun milih, Fransiskus Xaverius ....”

“Lajeng Ibu?” sawise Pak Petrus rampung nulis biodatane Pak Dulngalim.

“Ngatirah. Baptisipun ugi sampun milih, Fransisca Xaveria ....”

“Miyosipun dinten Ngaat, rejekinipun tirah-tirah, inggih ta Bu?” Pak Petrus ndhagel.

“Pak Petrus menika anggenipun ngangeni mergi pinter ndhagel menika lho. Kados mboten dipunpenggalih, nanging lajeng ceplos, pas,” pangalembanane Bu Dul.

Bengine, nalika Pak Petrus rawuh neng latihan koor ing omahe Pak Dulngalim, genti Pak Dulngalim ngruket-ngruket lan ngepuk-epuk gegere Pak Petrus, merga sadurunge latihan koor diwiwiti, sawise sembahyangan

pambuka, Pak Petrus nyelani matur ngene, “Saderengipun latihan kawiwitan, menika wonten kabar bingah. Kula wau sampun matur Rama Paroki. Rama matur nuwun konjuk Gusti lan nicil ngaturaken sugeng dhateng Bapak F.X. Dulngalim lan Ibu F.X. Ngatirah Dulngalim, dene sampun saestu nyuwun sakramen baptis. Rama masrahaken dhateng ketua lingkungan, kapurih caos piwulang sacekapipin salebetipun sewulan menika, klebet tes lan ujianipun. Yen sampun sewulan kula kapurih lapur Rama,

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

169