Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/183

Kaca iki wis divalidasi

bab lulus menapa mbotenipun. Lha, yen miturut kula, samenika kemawon sampun lulus!”

Sing latihan koor padha keplok bebarengan, mbata rubuh, nganti Bu Dul ketarik, melu neng panti gangsa, kok banjur malah padha disalami.

“Yen kula sampun lapur lulus, Bapak lan Ibu Dulngalim lajeng kepareng baptis benjing Natal menika, lan ing miss suci malem Natal kepareng nampi komuni ingkang sepisanan.”

Tanpa dikomandho sing latihan koor banjur padha keplok mbata rubuh maneh. Dene Pak Dulngalim banjur ngrangkul ngruket-ngruket Ketua Lingkungan, Pak Petrus Joko Mardiko. Didhisiki Pak Petrus, para umat mau banjur padha nyalami Pak lan Bu Dulngalim, tokoh masyarakat Kweni sing kajen keringan, sugih, nanging dhermawan iku.

Nanging latihan koor lan wiyaga iku banjur diselani rembugan ngisi lowongan penggender. Bab pengendhang, miturut Pak Petrus lan Pak Dul, F.X. Suryono, putrane Pak Dul wis mitayani. Pembonange F.X. Surtini, adhine Suryono, uga kena diendelake, bonangane mipil lan imbal wijang lan resik, bukane cetha tur bener. Lha penggendere? Apa ya wangun, Pak Dulngalim sing dipahargya tampa komuni sepisan iku kudu isih nggender?

“Sinten, wiyaga Kweni ingkang pinter nggender, Pak Dul? Dereng Katulik inggih kenging, Pak!” anggone taren Pak Petrus.

“Mas Dulmanan, pakdhenipun Suryono. Yen dipun setujoni, mangke kula tarosipun. Manawi Mas Manan mboten sagah, lha inggih ngebon penggender saking lingkungan sanes, menapa saking Paroki Pugeran piyambak. Nanging mugi-mugi Mas Manan kersa, lan taun ngajeng nututi kados kula!” kandhane Pak Dulngalim optimis.

Gendhing Natal ing miss suci pisan ji iki yekti kebak makna kanggone F.X. Dulngalim sakloron. Amarga sing digantha-gantha rong sasi kepungkur, bengi iki dadi kasunyatan. Gusti Mahatresna. Sang Timur sumbering kabungahan.

Djaka Lodang, No. 31, Th. XXXII, 28 Desember 2002

170

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010