Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/184

Kaca iki wis divalidasi
ANTRI MATI Imam Hidayat

Nalika jaman isih Narayana, Pak Bassory nate maca slogan “Memory Your Dead”. Cara Jawane ‘Elinga yen Mbesuk Kowe Bakale Mati’.

Pak Bassory uga asring midhangetake pengajian-pengajian, utamane sing mbahas manawa kabeh manungsa iku bakale mati. Uga saben takziyah yen dhong ana wong ulih-ulihan. Pak Kyai Nawawi mesthi ngacarani upacara pemakaman jenazah sarana ngelingake bilih “Kita sadaya inggih badhe ngalami pejah kados jenazah menika.”

Dhek jaman isih kuliyah biyen, Pak Bassory uga nyinau filsafat ngenani perkara istilah “universal” sak conto-contone pisan. Salah sijine conto muni mangkne.

“Si A iku manungsa. Saiki wis ora ana. Si B uga manungsa. Saiki wis tilar donya. Si C uga manungsa. Dhek wingenane seda.”

Si A, si B, lan si C iku kabeh manungsa. Saiki wis padha sowan ana Ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa. Njur sacara universal, kabeh manungsa iku bakal bali menyang jaman kelanggengan, aliyas mati.

Sanajan pirang-pirang prakara sing ngelingake Pak Bassory marang bab “mati”, ewa semana ing penggalih lan pamikirane durung tumanjem manawa panjenengane iku dhewe ing tembe uga bakale “bali”.

Amarga durung tumanjem temenan prekara “kabeh manungsa iku bakale mati”, mula tindak lampahe Pak Bassory kadhang isih ngglewar saka angger-anggering agama kang ngatur supaya uripe manungsa iku slamet ndonya lan slamet ngakherate.

Sejatine Pak Bassory iku ya wis kalebu piyantun kang bontos ngelmune, agal alus bisa, njaba njero kandel. Apa maneh nek mung pitutur “harta, tahta, dan wanita” sarta prakara “aja sulap marang gebyaring ndoya”, kanggone Pak Bassory, wis paham temenan. Bandha donya, kalungguhan lan kasulistyane wanodya iku kabeh minangka gada gedhe kang ngregoni tindak lakuning manungsa kang tumuju marang kamulyaning gesang ndonya ngakherat.

Ewa semono ..., yen ana duwit morgan, upamane “suap-menyuap” lan “aji mumpung” nggo tindak “korupsi” isih bisa ditinggalake.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

171