Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/190

Kaca iki wis divalidasi

“Wis ra sah sing-sing! Dakature dhewe prekara srawung tangga. Sing baku aku ora colong jupuk dheke tangga, rampung!”

“Lha ning, wong tetanggan kuwi rak mung padha nganggo ta?”

“Karepmu?”

“Lho, kaya sak awake dehwe urip neng tengahing masarakat ki, rak ya mung genti-genten ta, Pakne. Tegese, undhuhan bab srawung ki, mengko bakal tekan. Nek awake dhewe ki neng masarakat enthengan, tangga teparo ya karo awake dhewe dha enthengan, ning nek awake dhewe ki nandur wegahan, ya mesthi wae wong-wong uga sengara tetep becik karo awake dhewe. Kamangka hukume masarakat iku luwih abot. Mengko tangga-tangga wus “nge-pal” nek awake dhewe ki wegah srawung ...,rasakna, Pakne!” pituture Tumi marang bojone.

Pancen wus wiwit biyen, sing jenenge Dikun karo Surip kuwi, ing samubarang bab ora nate gathuk. Awit Dikun pancen sengite karo wong main, jan kepati-pati temenan. Nganti tau dipunjung saka nggone Surip nalika lagi duwe gawe, klakon ora dipangan temenan segane dening Daikun. Awit jarene segane tukang main. Naning kosok baline Surip. Najan dheweke duwe pakulinan main kertu, nanging srawunge karo tangga teparone becik.

Kacarita ing sawijining dina, nggone Surip adang nyepasari putune kang lair durung suwe iki, Tumi rewang, malah anake wedok sing jeneng Watik uga tetruka ana nggone Surip. Awit sing babaran iku pancen kancane Watik, tur sepantarane, mung wae Watik durung duwe sisihan. Nalika semanaWatik kajibah ater-ater tangga lan sedulur sing wis padha menehi tandha tresna sumbangan sadurunge. Mbuh kepriye sebabe, ndilalah Watik nggawa montore Surip digawa mulih kanggo sawijining kaperluan.

“Tik, mbok aja sok grang-greng nyilih montor barang, montore tukang main wae kok, paling-paling kuwi kapinujon menang banjur bisa tuku pit montor ....”

“Bapak niku ampun ngoten niku .... Nggih pun jengen dhit saking pundi .... Mangke nek keweleh lho,” wangsulane Watik karo ganti anggon-anggon ana kamar.

“Keweleh? Ra bakal aku threthekan golek silihan dhuwit nggone wong tukang main.”

“Nggih dereng mesthi, Bapak niku ...!”

Ndilalah wolak-waliking lakon. Nalika Watik lunga nganggo montore Surip, ana penggokan cedhak pasar, nyrempet bocah ngepit, nganti tatu, semaput, tur pite renyek. Watik bingung. Tujune ora adoh saka ono akeh wong, mula banjur bocah kang semaput mau diplayokake nyang rumah sakit. Sepedhane diamanake neng tangga cedhak papan kacilakan. Dene Watik sak montore diglandhang dening polisi, digawa menyang kantor Polisi, pinangka barang bukti. Puntone Watik kena mulih, awit

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

177